Sadjatiné ananira iki, sampun mantuk kadya duk ing kina, lebur papan lan tulisé, tan ana kétang kétung, kahanané tan ana kari, pan wus mandjing Pangéran, paran kang dinulu, pan nora na paran-paran, sadjatiné tan ana kawula gusti, lebur kadya ing kina..
Dandanggula Ja wruhana ingkang salat batin, apan iku luwih saking pringga, sadjroning puri prenahé, lir ngubek toja kedung, ajwa butek kang toja iki, dikena ulamira, iku dèn kadulu, dèn wruh sembah sanalika, lèn nastiti wong aulah salat batin, iku marga sampurna.
Adeging salat dipun kawruhi, asaling geni nenggih punika, dudu geni padang mangké, ja ananira iku, ingkang aran geni puniki, alip geni kang njata, roh ilafi iku, tan owan ing djenengira, ija iku takbir tan lawan usali, iku salat sampurna.
Rukuning salat puniku singgih, pan djumeneng aksara lam awal, saling angin linggihé, dudu angin puniku, ingkang teduh kang sumariwing, angin puniku napas, tetali puniku, tetali urip punika, kang tan pegat ananira naktu gaib, dunja tekèng achirat.
Sudjuding salat puniki singgih, djumeneng sastra lam achir ika, adjaling banju asalé, dudu tirta puniku, kang tumurun saking ing ardi, toja urip punika, kang nguripi iku, sakèhing urip punika, ija iku sira datan anduwèni, banju pan djenengira.
Lungguhing salat dèn angawruhi, djumeneng sastra éhé punika, adjaling bumi asalé, dudu bumi puniku, ingkang adjur kang kena rempit, kang tjambor lawan toja, aran bumi iku, ija ananira ika, ingkang aran bumi ta puniku singgih, teteping kalanggengan.
Dudu Fatikah kang muni iki, dudu alkambu kang muni Kurän, kang winatja kaum akèh, ingkang gumrumung iku, gegawéjanira pribadi, Kurän pan djenengira, pratanda puniku, tandané anané Allah, sira iki witing bekti witing pudji, sira sarining sembah.
Pundi sembah ing Allah sadjati, lawan pundi sembahé kawula, aranana samengkoné, pisah lan tunggalipun, djawabira kang sinung esih, Pangéran Kali Djaga, andjawab puniku, singgih sembahing
kawula, kang wus lair gijaring katah dumadi, iku sembah kawula.
15