Wonten geni pinendem ing bumi, lawan bnnju dèn akum ing toja, mjang surja ingkang pinépé, sarta brama tinunu, poma sira prajitna kaki, kabèh puniku tjipta, tjiptané wong luhung, ana gusti angawula, maring dasih kinawulan maring gusti, iku pada dèn awas.
Kabèh iku graitanen kaki, sasmitané kang sastra sadaja, ing kiwa lawan kanané, dèn awas ing lor kidul, miwah mangké suruping angin, luhur lawan ing ngandap, ing wekasanipun, seminé djati angarang, takokena sudjalma kang sampun luwih, ingkang ahli ma'rifat.
Miwah ingkang ireng ingkang putih, lan wekasan wétan kulon ika, iku kawruhana kabèh, lan dasih ingkang ulun, lawan gusti kawula iki, kang kiwa lan kang kanan, elor lawan kidul, lan kang katon kang kalingan, ija iku jogja takokena kaki, jèn sira durung awas.
Lawan mangké atakona malih, atakona ingkang sampun awas, kakang ingkang pambarepé, lan adiné warudju, lan wulandjar durung akrami, lan unining kukila, sadjroning antelu, kang prawan sampun akrama, miwah randa durung asesuta kaki, lawan wekasan sindjang.
Miwah djatiné lanang lan èstri, lan djatiné gusti mjang kawula, ki dalang lan Ardjunané, jèn dèrèng wruh puniku, takokena kang sampun luwih, ajwa dir adiguna, éwuh udjar iku, akèh kang wong tiba sasar, salah tampa ragané dèn dalih djati, miwah dèn dalih lija.
Poma sira lamun takon kaki, takokena gusti lan kawula, kawula lawan gustiné, lan tunggalé ro iku, lan loroné tunggal dèn kèsti, punika kawruhana, sabdaning pangawruh, ajwa sira apepéka, takokena pandita kang ahlul sufi, lan sampurna panembah.
Lawan mangké kawruhana malih, panemuné gusti lan kawula, Ki Pangseng mjang Djanakané, éwuh ta udjar iku, nora kena. sinambi-sambi, jèn sira durung awas, panggihé puniku, suwung udjaré kang njata, akaron sih prandéné winadèng ati, wekasing panarima.
Upamané sira iku kaki, lir satrija nèng djroning papreman, paran baja patemoné, anjanding èntri aju, nora kwagang nikmatirèki, masalahing ma'rifat, ing sampurnanipun, marmané tan kauningan, sampun nangguh kadya duk awan ing wengi, mantuk ing oranira.
Sakabèhé para nabi singgih, miwah wali mukmin kang sampurna, sami wuta paningalé, tuli bisu mjang lumpuh, ora ngutjap datan ningali, miwah datan darbéja, ing wudjud puniku, nanging teka ananing Hjang, pan wus ilang nora nana kari-kari, lebur kadi duk nora.
Sadjatiné tingal kang linuwih, tan amudji miwah tan anembah, ora amangéran mangké, awas djatiné suwung, nora nana wudjudé kari, lir péndah sarfin'adam, ing suwungirèku, miwah sampurnaning
sembah, sebut pudji datan ana ingkang kari, lebur anané ika.
14