Lamun sira ija wus aurip, adja sira Wudjil ngrasa gesang, patiné sjuh sirna mangké, miwah ing walinipun, adja sira bédani iki, sing sapa bisa pedjah, bisa uripipun, kéwala mangké ing pedjah, pan minangka pepaèsé wong ngaurip, karsané Kang Kuwasa.
Lamun sira ajun angjektèni, ija Wudjil patitipaning Hjang, dèn awas mangké djatiné, kang sawenèh amuwus, iman tohid ma'rifat singgih, déné kang tinitipan, nabi wali iku, mukmin milu katitipan, ija iku djawabé wong maksih serik, durung tekeng kasidan.
Saking pangrunguningsun ta Wudjil, nenggih mangké kang iman punika, iman tohid ma'rifaté, jèn sampun brasta luluh, titipané nora na kari, muwah kang tinitipan, tan koningan iku, dudu nabi wali ika, kang atampa wus brasta nora na kari, nora lamun suwunga.
Kawruhana kang warana Wudjil, ana déné kang aran warana, déné anerus djatiné, muwah kang sadat iku, lawan nafi-isbaté iki, lintang déning warana, jèn maksiha kétung, muwah paèsan punika, maklum makdum tasbèh lawan tandjèng kaki, salat mangka warana.
Ana déné sakatahé nabi, miwah wali mukmin kang sampurna, pada wuta paningalé, tuli bisu mjang lumpuh, nora ngutjap nora ningali, miwah datan angrasa, anduwèni wudjud, anging wudjudé Kang Murba, kahanané apan wus tan ana kari, lebur kadya duk nora.
Mapan iku Wudjil kang wus luwih, luwih datan ana katingalan, pan suwung djati kawruhé, pilih kang praptèng suwung, lawan kupur miwah lan kapir, pilih ingkang uninga, nugrahaning kawruh, lamun sira nora wikan, sira Wudjil umatura maring mami, jèn sira dèrèng wikan.
Jèn sira ajun sampurnanèki, tetakona Wudjil awakira, adja sira turut mangké, jèn sira jun lumaku, jèn tan warta nugrahan djati, masa sira weruha, endi nggoning weruh, jèn tan arsa tetakona, apan éwuh terapé mungguh ing diri, mula dipun waspada.
Dandanggula
Upamané ing mangké puniki, kaki dalang lan wajang punika, sakarsané dalang mangké, wajang darma lumaku, nora darbé karkat. pribadi, anging karsané dalang, kang ringgit tut pungkur, solahé ki
wajang ika, anging uga karsané ki dalang iki, wajang tan kena tjidra.
11