Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 3 SMP.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
b. rewanda, kethek, sardula, wre, kapi, pragosa
c. ula, naga, taksaka, kukila, sawer, sarpa
d. turangga, jaran, aswa, titihan, kuda, sengara
  1. Sing diarani satriya ing Paranggaruda iku:
    a. R. Abimanyu b. R. Sadewa c. R. Nakula d. R. Samba
  2. Petungan angka taun kang adhasar lakune srengenge diarani:
    a. sengkalan memet b. sengkalan prasaja
    c. candra sengkala d. surya sengkala
  3. Sengkalan kang awujud pepetan utawa gambar diarani:
    a. sengkalan memet b. sengkalan prasaja
    c. candra sengkala d. surya sengkala
  4. Sengkalan kang dienggo nengeri taun Masehi diarani:
    a. surya sengkala b. candra sengkala
    c. sengkalan memet d. sengkalan prasaja
  5. Sengkalan kang tinemu ing pagelaran kraton Ngayogyakarta Hadiningrat awujud ula loro kang lagi cumbana, pethit siji lan sijine padha gubet-ginubetan.
    Pepetan utawa gambar kasebut bisa disengkala:
    a. Dwi Naga Ngesti Ratu b. Dwi Naga Rasa Tunggal
    c. Dwi Naga Ambuka Wani d. Dwi Naga Manunggal Pethit
  6. Sengkalan memet kang kasebut ing no. 27 iku nudhuhake angka taun:
    a. 1182 b. 1982 c. 1882 d. 1682
  7. Ing bangsal witana kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ana sengkalan memet kang awujud pepetan utawa gambar baya dirubung tawon lima. Lan mengku surasa sengkalan ”Panca Gana Slira Tunggil”, ateges angka taun:
    a. 1955 b. 1194 c. 1555 d. 1855
  8. Menara Agung ing Mangkunegaran Solo, ana sengkalane kang muni: ”Panggung Sangga Buwana”. Iku mengku teges taun:
    a. 1944 b. 1194 c. 1189 d. 1189


II. Jodhokna ”A” lan ”B” sing koanggep mathuk!

KOLEM A KOLEM B
Sirna Ilang Kertaning Bumi a. 1977
Panggung Sangga Buwana b. 1411
Panca Gana Slira Tunggil c. 1555
Dwi Hasta Ngesti Ratu d. 1708

22

POKOK UJI BASA JAWA 3