Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 3 SMP.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

10. Tembung kawine angin iku:

  1. maruta
  2. tirta
  3. dhahana
  4. narmada

11. Ratu ing ............. ajejuluk Prabu Matsyapati utawa Matswapati.

  1. Ngamarta
  2. Astina
  3. Wiratha
  4. Mandura

12. Matsya iku mengku teges iwak utawa ...

  1. narendra
  2. kisma
  3. mina
  4. kukila

13. Tembung saroja iki terusna! karta ....

  1. cintraka
  2. sura
  3. raharja
  4. marma

14. Kang dadi dhutaning Pandhawa nalika nyuwun baline negara Astina kang sasigar semangka, iku:

  1. Gathutkaca
  2. Resi Seta
  3. Prabu Kresna
  4. Abimanyu

15. Ora sranta pun kakang banjur jumangkah triwikrama. Triwikrama ateges:

  1. tapa
  2. pasa
  3. mathek aji
  4. murca

16. Rikala dadi dhutaning Pandhawa Prabu Kresna anitih kreta kang wasta:

  1. rata Jaladara
  2. rata Jatisura
  3. rata Rajamala
  4. rata Jitapsara

17. Tembung arsa ngrabaseng yudha ateges:

  1. maju perang
  2. nantang perang
  3. miwiti perang
  4. nglurug perang

18. Papan sing dienggo perang diarani:

  1. pangurakan
  2. pasanggrahan
  3. pasewakan
  4. palagan

19. Basa rinengga iki tegesna! "yayah warsa kinteki”.

  1. Kaya semut mbarubul saking ngandhap sela
  2. Kaya kodhok sewu kudanan
  3. Kaya mimi lan mintuna
  4. Kaya swarane udan ing alas pejaten.

20. Basa Peprenesan iki terangna tegese! "Pindha werdu hangga sasra".

  1. Pindha kaya, werdu semut, hangga watu, sasra sewu.
  2. Pindha kaya, werdu pejaten, hangga udan, sasra sewu.
  3. Pindha kaya, werdu kadhik; hangga udan, sasra sewu.
  4. Pindha kaya, werdu lintah, hangga banyu, sasra sewu.

21. "Yayah podhang areraton”, ukara iki kena kanggo nyandra busana kang arupa:

  1. jenar
  2. wilis
  3. rekta
  4. langking

22. Dasanama ing ngisor iki sing bener mung siji. Tuduhna!

  1. gajah, esti, dwipangga, diradha, liman

POKOK UJI BASA JAWA 3

21