Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 3 SMP.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

8. Manut pangrakiting tembung, tembung Ekaprasetya, Pancakarsa lan Pancasila diarani:

a. camboran tugel
c. baliswara

b. camboran tunggal
d. sandhi garban

9. Panca ateges lima, coba urutan angka nganggo tembung kawi iki tudhuhna endi sing bener:

a. eka, dwi, tri, catur, panca, sad, sapta, hasta, nawa, dasa.
b. eka, dwi, tri, catur, panca, sapta, hasta, nawa, dasa.
c. eka, dwi, tri, catur, panca, sad, hasta, sapta,nawa, dasa.
d. eka, dwi, tri, catur, panca, hasta, sapta, nawa, sad, dasa.

10. Urutan araning dina iki tudhuhna endi sing bener!

a. Soma, Anggara, Budha, Sukra, Respati,Tumpak, Radite.
b. Soma, Anggara, Budha, Respati, Sukra,Tumpak, Radite.
c. Radite, Soma, Anggara, Respati, Sukra,Budha,Tumpak.
d. Anggara, Budha, Respati, Soma, Sukra,Tumpak, Radite.

11. Gatekna tembang ing ngisor iki!

  Nunggal sajiwa gilut.
  Renggang gula lir kumepyur pulut.
  Ekaprasetya Pancakarsa wisnya dadi.
  Pandom Panuntun kang baku.
  Mrih Pancasila linakon.

Tembang kasebut ndhuwur iku tembang:
a. Pucung  b. Megatruh  c. Mijil  d. Gambuh

12. Renggang gula kumepyur pulut, diarani:

a. bebasan  b. sanepa  c. panyandra  d. pepindhan

13. Guru wilangan lan guru lagune tembang kasebut no.11, yaiku:

a. 7u, 10u, 12i, 8u, 80
b. 7u, 10u, 13i, 8u, 80

c. 12u, 8i, 6a, 8u, 80
d. 12u, 6a, 8i, 12a

14. Tembung panuntun, bisa karimbag dadi:

a. pa + nuntun
c. pa + V n + tuntun

b. pan + tuntun
d. pa-nun-tun

15. Manut pangrimbage tembung no. 14, diarani rimbag:

a. kriyawacaka  b. dayawacaka  c. karanawacaka  d. bawawacaka

16. Rimbag dayawacaka iku wujude:

a. pa-tanduk  b. pa-lingga-an  c. ka-lingga-an  d. pa-tanduk-an

17. Imbuhan an ing rimbag dayawacaka ateges:

a. papan
c. nganggo

b. duwe
d. nindakake pegaweyan

10

POKOK UJI BASA JAWA 3