Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 3 SMP.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
EVALUASI I

I. Bunderana, a, b, c utawa d sing koanggep bener!

1. Tembung “Ekaprasetya Pancakarsa" iku asale saka basa:

a. Sansekerta  b. Jawa Kuna  c. Krama Inggil  d.Kedhatonan

2. Tegese tembung “Ekaprasetya Pancakarsa”, yaiku:

a. Eka siji, prasetya janji utawa tekad, panca lima lan karsa karep.
b. Eka siji, prasetya tekad, panca lima lan karsa dasar.
c. Eka siji, prasetya dasar, panca lima lan karsa karep.
d. Eka siji, prasetya karep, panca lima lan karsa janji.

3. Dene sing dikarepake Ekaprasetya Pancakarsa yaiku:

a. Janji utawa manunggaling tekad kang sumedya nindakake

kekarepan warna lima.

b. Janji utawa manunggaling tekad kang mengku karep sumedya nindakake sila lelima kang kasebut ing Pancasila.
c. Janji utawa prasetya marang dhasaring kekarepan.
d. Kekarepan kanggo janji limang prakara.

4. Tembung Ekaprasetya Pancakarsa uga‘ diarani:

a. GBHN  b. Pancasila  c. RAPBN  d. P4

5. Jarwane P4 ing Basa Jawa yaiku:

a. Pedhoman Penghayatan lan Péngamalan Pancasila.
b. Pandom Pangrasuk lan Pangetrapane Pancasila.
c. Pathokan Pangrakit lan Penganggoning Pancasila.
d. Pandom Penghayatan lan Pangetrapane Pancasila.

6. Kita kudu duwe rasa asih marang sapadhane. Pancadan sila kaping: :

a. 1  b. 3  c. 3  d. 4

7. Ikrar Sumpah Pemuda kang dikumandhangake rikala tanggal 28 Oktober 1928, kalebu tindak sila kang kaping:

a. 2  b. 3  c. 4  d. 5

POKOK UJI BASA JAWA 3

9