Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

a).

Lingga Aksara purwaning lingga Anuswara Andhahane dadi :
buru b m mburu
pangan p mangan (p luluh)
walik w malik (w luluh)
dudut d n ndudut
dhudhuk dh n ndhuduk
turun t n nurun (t luluh)
thuthuk d n nuthuk (th luluh
jaring j ny njaring
candhak c ny nyandhak (c luluh)
surung s ny nyurung (s luluh)
aku a ng ngaku
guyu g ng ngguyu
rimuk r ng ngrimuk
lunjak l ng nglunjak
yayi y ng ngyayi
kurung k ng ngurung (k luluh)

b). Yen purwaning lingga aksara w, ater-atere anuswara terkadang m utawa ng

wadung dadi madung
wonten   "  ng(a)wontenaken
wetu   "  metu
wetan   "  ngetan
wungkal   "  ngungkal

c). Yen linggane apurwa aksara s utawa c, lan wanda candhake c, ty, j, dy, lan s, aksara purwaning lingga dadi n lan sok lira-liru karo ny :

cacah dari nacah utawa nyacah
siji   "  niji   "  nyiji
susuh   "  nusuh   "  nyusuh
setya   "  netyani   "  nyetyani
suci   "  nuceni   "  nyuceni
sedya   "  nyedya   "  nyedya