Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

10

d). Ana sewenehing tembung aksarane irung nga:

ngabekti asale saka bekti
ngajawa " " jawa.
ngalor " " lor

e). Ana tembung wod, dadine tembung lingga sarana wuwuhan a utama e ing ngarepe; yen banjur diater-ateri anuswara tegese utawa panganggone ing ukara dhewe-dhewe.

Kayata : Wod : lih, bisa dadi alih lan elih.
a. ngalih = ganti enggon utawa ocah ; boyongan.
b. ngelih = nggawa ngalih; ngganti enggon.
Wod : rit, bisa dadi arit lam erit.
a. ngarit = golek suket nganggo arit.
b. ngerit = mancas nganggo arit

Tegesing ater-ater anuswara:

a. Manawa linggane tembung_aran, tegese :

  1. Nindakake kriya nganggo apa-apa kang kasebut ing linggane. Kayata: numbak, njala, njaring, aluku, menthung, ngala lsp.
  2. Memper kang kasebut ing linggane. Kayata: medhi nggeger sapi, nyeleng,nyoro,ingetumbar, mucuk bung lsp.
  3. Nganggep kaya dene kang kasebut ing linggane. Kayata: ngratu, ngadhi, mbapa, ngakang lsp.
  4. Nganakake utawa gawe kang kasebut ing linggane. Kayata: nyembah, nggambar, nulis, jangan, nggule, nyambel lsp.
  5. Nglebokake ing sajrone kang kasebut ing linggane. Kayata: ngun jara, nggendhong, ngrangkeng.
  6. Ngener utawa marani panggonan kang kasebut ing linggane. Kay ata: ngadhaton,ngalor, nengah, minggir.
  7. Dadi utama nglakoni pagawe an kang kasebut ing lingga Kayata: ndhalang, ny antri, nyudagar, mandhe, nukang.
  8. Manggon ing panggonan kang kasebut ing linggane. Kayata: ngerong, mondhok, magelaran, mas anggrahan.