Kaca iki wis divalidasi
- amanggih karahardjan, ing salaminipun, dénira mangun akrama," Sang Dyah Rara Kumenjar suka mijarsi, dongengan singa kresna.
- Wus katjaṭet saraosing galih, alon mangsuli mring bijungira : ,,Kang mangkono sukur bagé, dongeng dadi wewuruk, mangka wungkal lukitèng budi, dumadi sudarsana, sasananing wadu, widagdèng sawadinira, pira bara kasawaban nugrahèng sih, kaja kang wus ginita."
- Njai Bujut sukanira ngenting, sang Dyah rara tansah ingarasan, tumeleng kasok tresnané, andungkap bangun ésuk, retnaning dyah midjil ing djawi, sedyarsa maring senḍang, sarjwanginḍit edjun, asta anjangking wantingan, karerantan tyasira manawung wingit, limut ing kalaksitan.
- Kawarnaa kang awarna peksi, linggar saking ing lelangjan sekar, patamanan ing Pagelèn, sedyanira mring ḍukuh, Tjengkar-sasra parlu martuwi, ing kaardjaning bapa, lawan bijungipun, dupi praptèng pinggir senḍang, aningali wanodya aju linuwih, tjahja anuksmèng wulan.
- Paksi mèntjo kastjarjan angliling, anenawang wawangunanira, pantes pasang pasemoné, paksi wangson ing wuwus, ,,Iki baja kenja ing ngendi, ngasorken langening rai, senené sumunu, semuné angemu susah, katongton ing nétya alum-alum anglih, malah sru wewiletan.
- Déné memela memelas asih, éman-éman jèn tan kasatmatan, rinaket déning wong geḍé, lan iki wong ing ḍukuh, parigelé tan angamboni, lamun widjilan désa, kaping kalihipun, ing pasang rakiting wanda, mjang pamulu rompjohing sarira mirib, gusti sang narpatmadja.
- Dené salawasé ingsun tan wrin, ing warnané wanodya punika, nora nduga ingsun kijé, sunaring tjahja mantjur, baja iki trahing narpati, kinarja lelampahan, déning djawatagung, paran reh ing mulabuka, teka dinunungken anèng Tjengkarsari, amémba wong padesan.
- Méndah iki sun aturken gusti, kadi dadya usadèng turida, énggar dénja mong wiragé, ija manawa iku, kena ingsun puluti pamrih, katur ing gustiningwang, méndah sukanipun, mbok mangkja mangka djalaran, anenarik nirmala waluja djati, saking sih katarima."
- Sawusira ngrerantam ing batin, méntjó mulja meḍar kekidungan, sinawung ing tembang geḍé, swaranja manis arum, laju-laju amilangoni, kagjat sang retnaning dyah, maksih umun-umun, samun remeng-remeng mamang, kalimunan déning amun-amun endjing, karja mar maras ing tyas.
- Wingwrin awrin kèngran angaweri, dadya muwus wewangson prijangga, ,,Lah swaraning apa kijé, kaja wong angengidung, kadingarèn ana memedi, lukitèng lelagonan, mawèh salang gumun, apa kedadéan djanma !" wus apaḍang sunaring pradanggapati, katon sang roning kamal.
(Tjemporèt.)
102