Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ban, sarta agawé karusakanku, awit kowé pandjalmaning satrula turasé jaji prabu Warsakusuma. Ing mengko kowé bakal anampani pidana saka panguwasané jaji déwi maha prabu." Radèn Udakawimba tumungkul tanpanon rat iḍepipun.

....................................................................................................

Rangsang Tuban.


XIX. PITUTURIPUN NJAI BUJUT TJEMPORÈT ḌATENG RARA KUMENJAR

Ḍanḍang-gula.

  1. Nahen pradjèng Pagelèn ing mangkin, kawuwusa ḍukuh Tjengkarsasra, Ki Tjemporet lan sémahé, samana samja sinung, kasenenan sasananing sih, saharseng tyas kaskaja, kajumanan kajun, dénja mardi mamardawa, máring Rara Kumenjar sinambang liring, salwiring dedongèngan.
  2. Kambila kang pantes dadya misil, sudarsana ning ngèstri utama, kang mumpuni sabarang rèh, sarėh tan arsa saru, Dyan Kumenjar dènnja mijarsi, karaseng tyas memalat, émut kang kalimput temah tuman aneminta, dongèngan kang keni kinarja palupi, lewijaning wanudya.
  3. Njai Bujut teka anuruti, nudju ratri sang Dyah kinelonan, dangu-dangu andedongèng, ing kuna ana wiku, wikan lwiring pamudyastuti, panengran Resi Drawa, turasing Hjang Baju, tapa sangkaning taruna, atetruka mergil aneng wukir Kawi, laladan ing Mamenang.
  4. Somahira aran Énḍang Rasi, kaḍang werdhané wiku Ràsika, kang ajoga sakaroné, Sang Resi Darmakétu, turasing Hjang Kamulasidhi, samana resi Drawa, sampun asesunu, wanudya ju kang suwarna, sinung aran Kusuma Rara Sarwasri, dénnja tanpa kutjiwa.
  5. Duk diwasa sangsaja kaèksi, raras ingkang pamulu wiletan, sumeh pasang pasemone, nanging tyas muda punggung, marma tansah ḍahat pinardi, déné kang jajah réna, rinirih rum-arum, ing wuwus sarta winawas, sasmitaning nitya kang sinawang sarwi, watareng pituturan.
  6. „Kawruhana wadjibing pawèstri, kudu nganggo kanṭi pangkat-pangkat, nigang warna sapangkaté, déné ta kang rumuhun, rigen tegen mugen winardi, kang rigen iku bisa, barang karja rampung, angreraket djroning wisıma, tinata kang pantes sembadèng Pangrukti, tan ana winaonan.
  7. Lwiring tegen djenak barang kàrdi, kang sinambut nora salèwengan, kongsi teka sarampungé, kang mugen wardinipun, wekel mungkul ati sawidji, tan mangro tingalira, mantep tékadipun, lumuh ing rèh kadursilan, pangkat ingkang kapinḍo gemi nastiti, angati-ati ing tyas.

98