mengsahipun ingkang raka sang Pangéran, ladjeng adeḍawuh samekta ing prang sarta dawuh nata gelar wana kawelagar, angèl sasak-sasakanipun.
Raden Udakawimba sampun kaaturan uninga jèn putjuking baris kanḍeg déning kepambengan baris malang ing margi, kados srajanipun ratu ing Tuban. Radèn Udakawimba anguningani gelaring mengsali rumaos kawekèn sarta ngalem salebeting galih bab rapeting pasangipun gelar angel sinusupan. Éwadéné Radèn Udakawimba saged anggalih ungguling judanipun, ladjeng deḍawuh masang gelar ombaking samodra pasang tumempuh ing parang, angelem ubaling dahana, ladjeng prang brubuh sampun kaṭah longipun ing pepedjah. Sang prabu putri sumerep jèn gelaripun kénging kasusupan ladjeng amalik gelar sétubanḍa ambrol. Bala ing Sumber-redja kérut larut kapalaju kalebet ing gelar. Radèn Udakawimba kesisan bala, baḍé katukup ladjeng ontjat saking palagan, kadèrèkaken para pradjuritipun sinelir lèrès sumedya kondur abebiting wonten salebeting kita, supados mengsahipun ngelud sapurugipun; wonten ing kuta Sumber-redja amesti gampil kapra-tjonḍang saking santosa sarta weriting balowarti, angèl lebet-lebetanipun; marwasa mengsah saking sanginggiling balowarti gampil kémawon. Tikang-tikunging margi, lampahing mrijem gampil sanget, boten wonten kiḍungipun pisan-pisan, awit saking kawasisanipun Radèn Udakawimba.
Sang Prabu putri sumerep jèn sésaning mengsahipun ingkang boten katawan lèrès, ladjeng ingelud sapurugipun dumugi ing Sumber-redja, malebet ing balowarti ingkang angéram-éramaken santosanipun. Sang Prabu putri kanḍeg wonten ing djawi, penggalihipun sang prabu: wadya balanipun amesṭi baḍé anemahi risak bilih pangrebating balowarti namung kalajan wantah kémawon, gampil tinumpes ing gurnat gutuk api déning kepapan wonten ing margi sungil. Sang Prabu ladjeng ambudi sarana ingkang kénging kadamel gelar garuḍa nglajang, ladjeng adeḍawuh jasa palwa udara, bakalipun mota kinclam ing wesi djanur, ingasepan saking latu bleḍèg, saged mumbul ing gegana. Sareng sampun samekta ladjeng katumpakan para pradjurit pepilihan sami asikep dedamel, sang nata pijambak jasa sekotji boma, katitihan kalijan ingkang raka sarta para wirotama, sami andedel muluk ing gegana angungkuli balowarti, ladjeng tjumlorot saéngga ṭaṭit, tumudju ing keḍaton sarta ladjeng dipun bregi. Para pradjurit mangrempak saking wingking adamel karisakaning mengsah. Radèn Udakawimba gugup déning dipun kagètaken ḍatengipun, boten kantenan tataning baris, awit linambung saking wingking datengipun saking gegana rikat kados angin. Radèn Udakawimba kaselut ing papan, katjepeng déning sénapatining prang, ladjeng kaaweran ing tjinḍé kaladosaken ing ngarsanipun sang Prabu putri, sakalijan sampun sinéwaka wonten ing penḍapa ageng. Sareng kalijan sowanipun para wirotama kairid sénapatining prang ambekta pengagenging kraman sampun kaaweran tjinḍé, kasowanaken ing ngarsaning sang prabu mabukuh wonten ing siti. Sang Pangeran Warihkusuma boten panḍung jèn pangagenging kraman ingkang putra kwalon Radèn Udakawimba, ladjeng kadangu: „Ka- lingané kowé Udakawimba, kang gawé hura-huruning pradja ing Tu-
PETIKAN MANTJA WARNA
97