Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

70

Bab wataking sekar tuwin ingkang nganggit, punika peṭikan saking serat Saridin tuwin serat Purwakanṭi.

Sajektosipun paṭokan ingkang makaten wau taksih ngijataken manut paṭokan sekar, kadjengipun kedah adjeg. Nanging manawi dipun manah pandjang, sadaja guritan punika sampun tamtu boten tilar guruswara, sanandyan boten urut, nanging tamtu wonten antuk-antukannipun guruswara.