Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

69

23. GURITAN

Guritan punika inggih golonganing sekar, patokanipun ngangge guruswara tuwin guruwitjalan adjeg. Ing dalem saguritan isi kawan padalingsa dipun wangun turut mangandep dados kawan larik, ing pungkasaning pada kedah sami guruswanipun, limrahipun ing seben padalingsa namung isi wolung wanda, kadosta:

Ingkang pinurwa ing kidung,
ngengudi mrih dadya luhung,
tan kumedah kusung-kusung,
aran amung trima lowung.

Mirit patokaning guritan makaten wau, dados sadaja iketan ingkang sanes sekar, ingkang. namung nganggé guruswara, punika inggih kalebet ing guritan, ingkang sampun pinanggih:

1. Lelagoning laré dolanan, kadosta:

Tjengkir wungu wunguné ketiban ndaru,
wis pestimu kowé uwal karo aku.

Punika guruswanipun dawah wonten ing pedotan kapisan ngawan wanda tuwin ing pungkasan, guruwitjalanipun sami ngalih welas.

2. Lagu antong-antong, kadosta:

Kembang djambu karuk,
tangan ngatung ndjaluk,
pentil asém tjaluk,
wadah ujah empluk.

Punika namung mendet gurulagu ing pungkasaning padalingsa, déné guruwitjalanipun sami ngenem.

Lagu witing klapa, kadosta:

Sun amarna rerengganing ngantariksa,
asri rarasing sesangka,
kang unimba,
saking agraning antjala,
lelangen néng tjakrawala.

Punika guruswaranipun sami, namung guruwitjalanipun béda-héda, ing pada 1 isi 12, pada 2 isi 8, pada 3 isi 4, pada 4 isi 8, pada 5 isi 8.

Ing sarehning patokan guritan punika ingkang kelimrah namung wonten ing guruswara, dados gampil pamatokipun.