Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

27

pada punika namung amadani sekar, tegesipun kèndel dangu. Sanèsipun punika ing dalem sapadasekar namung isi padalingsa tuwin pangkat. Déné panganggening pangkat namung tumrap wonten ing pameḍoting tembung, kadosta : Lir sesangka Sang Gunawan Wibi: sana pinupul tédja wangkawa.

Wontening padalungsi ingkang namung manggèn ing pungkasaning sekar, sajektosipun asring metengaken suraos, awit terkadang wonten ukara ingkang leresipun dèrèng pada, sampun wonten padanipun, mangka suraosipun ugi taksih ladjeng. Makaten ugi menggah wewatekaning ukara ing sekar, punika asring malik ukara ingkang perlunipun namung ambudjeng ḍateng ḍawahing gurulagu, punika asring adamel bingung, awit ukara ingkang sampun telas wau ladjeng tjawuh saged sambet kalijan ukara wingkingipun, mila perlu kedah dipun padani lungsi rumijin.

Tata kelimrahan ingkang kados makaten wau prajogi kaéwahan, panataning pada kedah manut kados satatanipun pada ing ukara gantjaran. Namung sarèhning panatanipun aksara Djawi wonten ing sekar punika leladjengan, dados tumrapipun ukara ingkang dèrèng telas, inggih kepeksa dipun padani lingsa, perlunipun manut ḍateng padaning sekar, namung ingkang padalungsi, tetep dipun padani-lungsi.

Pola padasekar ingkang namung nganggé padalunggi ing pungkasan.

Sang Retna ju aturira aris, nggih sandika eja samja bubaran, Sang Resi mandjing panepèn, ladju lenggah pitekur, Sang dyah aju tumulja midjil, lelangen ing udyana, ḍinèrèkken puṭut. Génḍong tansah atut wuntat, sukèng drija tumonton ing tamansari, puspita angajangan.

Manawi miturut sapunika.

Sang Retna ju aturira aris: gih sandika:[1] gja samja bubaran, Sang Resi mandjing panepèn, ladju lenggah pitekur, Sang dyah aju tumulja midjil, lelangen ing udyana, ḍinèrèkken puṭut, Génḍong tansah atutwuntat. Sukèng drija tumonton ing tamansari, puspita angajangan.

Tjaranipun gantjaran.

Sang Retna ju aturira aris: gih sandika. Gja samja bibaran. Sang Resi mandjing panepèn ladjeng pitekur. Sang dyah aju tumulja midjil

  1. Leresipun malahpad alungsi, awit nama nelasaken ukara wonten tengahing pada.