Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

26

rat budjeng, (menggah ing aksara Djawi), boten usah dipun serat mbudjeng, awit wontenipun ing sekar tuwuhing dajasira punika langkung tjeṭa tinimbang wonten ing gantjaran. Déné tumrapipun wonten ing aksara Latin, langkung gampil, budjeng saged kaserat mbudjeng, boten ngéwahaken wanda.

  2. Tanggap: na, pikantukipun dados pangluwesing ukara. Kosokwangsulipun tanggap na, manawi dipun etjakaken wonten ing ukara gantjaran asring ketingal anggènipun kirang maṭuk, saja manawi dipun tjakaken wonten ing serat iber-iber, ladjeng katinggal kebraèn saha deksura.

  3. Rimbag sutra jé tuwin wam, kalih pisan wau sami mitulungi ḍateng pangringkesaning tembung, kadosta: dupi antuk, dados: dupijantuk, dados dupjantuk; nudju arip dados: nudjuwarip, dados nudjwarip.

  4. Bawa: ma tuwin bawa kuma, punika ugi dados pangluwesing tembung.

  5. Tanggap tripusara, wenang nganggé tembungipun Kawi, kadosta: ingsun, manira, sira, pakenira.

  6. Baliswara, punika pamalik tembung, perlunipun saged ngantukaken gurulagu tuwin njakétjakaken wiletan, kadosta: siwi naréndra, dados naréndrasiwi, bratajuda dados judabrata, sapanunggalipun.

  7. Warga ha, inggih punika wingjan tuwin warga ra, inggih punika lajar, sami saged mantjahaken tembung, kadosta maharadja dados: mahradja, laksita ardja dados laksitardja.

  8. Ing, punika saged luluh kalijan tembung ngadjengipun, kadosta: tumekèng, saking tumeka ing. Wanèng, saking wani ing, pantènipun leresing panjerat: wanyèng, awit kagarba saking rimbag sutra jé. Tumudjèng, saking tumudju ing, leresing panjerat: tumudjwèng, awit saking rimbag sutra wam.

  9. Ing dalem sapadalingsa punika sampun ngantos wonten panambang ingkang rangkep.

 Déné katrangan sanès-sanèsipun ingkang gegajutan bab sekar, sampun kawrat ing paramasastra.


10. PANGANGGÉNING PADA

 Ingkang sampun kelimrah tumrap ing sekar punika saben sapada sekar namung wonten padalungsi satunggal satunggal, manggèn wonten ing pungkasan. Mirit kawontenan ingkang kados makaten wau, dados kadjenging