Kaca iki wis divalidasi
PARAMASASTRA DJAWI
-7-
| 5. pratapan | < pra + tapa + an | = panggonan. |
| 6. pranatan | < pra + n + tata + an | = srana. |
| 7. prasanakan | < pra + sanak + an | = pada sanakan. |
- Katrangan :
| 1. para mantri | kabèh mantri. |
| 2. para wadulan | kabèh wadul. |
| 3. pari-padu | kabèh kang nganggo padu. |
| 4. pari-krama | kabèh kang nganggo karma (subasita). |
(5)(6)(7)(8). Ater-ater : Anuswara.
- Wudjud, pangrimbag :
| ndagang | < n + dagang | (d) |
| nulis | < n + tulis | (t. luluh) |
| nduduk | < n + duduk | (d) |
| nutuk | < n + tutuk | (t. luluh) |
| ndjaluk | < nj + djaluk | (dj) |
| njakot | < nj + tjakot | (tj. luluh) |
| mblituk | < m + blituk | (b) |
| mikut | < m + pikut | (p.luluh) |
| nggambar | < ng + gambar | (g) |
| ngudang | < ng + kudang | (k. luluh) |
- Teges : Linggané : tembung (tb) aran :
| 1. ndjala, mentung | = nganggo. |
| 2. medi, nggegér sapi | = mèmper. |
| 3. ngratu, mbapa | = nganggep. |
| 4. ngundjara, nggedong | = nglebokaké ing. |
| 5. nggambar | = gawé. |
| 6. ngadaton, ngalor | = ngener ing. |
| 7. masanggrahan, magelaran | = manggon ing. |
| 8. njantri, mandé | = dadi (nglakoni), pagawéané. . . |
| 9. ndjagung, ngeton | = nanduri. |
| 10. njuguh, mbajar | = mènèhi (ngeteri). |