Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

PARAMASASTRA DJAWI

-18-


 mbosoki < m + bosok + i = wiwit bosok.
 nduwuri < n + duwur + i = gawé luwih.......
 neloni < n + telu + an + i = ngganepi dadi..
 ndésani < n + désa + an + i = memper wong desa.
 mangani < m + pangan + i = nedeng-nedenge dojan....
Nulisaké (aḍiné) < n + tulis + aké = nulis kanggo..
mlajokaké (potelot) < m + plaju + aké = nggawa.......
mbeneraké < m + bener + aké = nganggep.......
njudukaké < nj + suduk + aké = njuduk nganggo..
ngambakaké < ng + amba + aké = gawé.......
ngulukaké < ng + uluk + aké = ndjalari.......
nambakaké < n + tamba + aké = akon.......


Katrangan :
Tembung kang rinaketan panambang : i, aké iku jen dirangkep, panembangé ora diambali sarta jen purwaning lingga ora luluh karo ater-ateré (anuswara),

ater-ateré mau mung katulis sapisan ana ing bebukaning dwilingga, upamané :

 ndandan-dandani (paketjapané : ndandan-ndandani)

 ndjadjak-djadjakaké (paketjapané : ndjadjak-ndjadjakaké).

 diparan - parani.

 dipakak - pakakaké.


(8) (9) (10) .Panambang : a, ana, na.


Wudjud, pangrimbag lan teges :

a) 1. nggawaa < ng + gawa + a = supaja nggawa.
 2. nggawanana < ng + gawa + an + ana = supaja nggawani.
 3. nggawakna < ng + gawa + na = supaja nggawakaké.
b) 1. ngakua < ng + aku + a = upama ngaku.
 2. ngakonana < ng + aku + an + ana = upama ngakoni.
 3. ngakokna < ng + aku + na = upama ngakokaké.
c) 1. nimba < n + timba + a = sanadjan nimba.
 2. nimbanana < n + timba + an + ana = sanadjan nimbani.
 3. nimbakna < n + timba + na = sanadjan nimbakaké.