Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-16-

PARAMASASTRA DJAWI



(4) (5). Panambang ; an, en.


Wudjud, pangrimbag lan teges :

  batikan < batik  + an = olèh-olèhané
  pandéan < pandé  + an = panggonan
  djaranan < djaran  + an = tetironé
  tulupan < tulup  + an = piranti
  tabokan < tabok  + an = genti
  belèhan < belèh  + an = sedijan
  tugelan < tugel  + an = gampang


  tjatjaren < tjajar  + en = nandang lara
  tontonen < tonton  + en = tansah kedunungan
  djupuken < djupuk  + en = (pakon)


Katrangan:

Sakabèhing tembung kang olèh panambang : an diarani: wisésana. ( Wisésana-lingga, wisésana dwipurwa lsp.)

Tembung lingga kang olèh panambang : en , diarani : rimbaguna. (uleren, sakiten) utawa rimba-pakon (djupuken ! tulisen !).


Tembung lijané kang karaketan panambang : an, en.

kadjupukan   = didjupuki.
kabupatèn   = panggonan.
kasugihan   = {tembung aran).
kelarangen   = larangbanget.
kepatèn   = kakèhan ngeloré.


(4) (5). Panambang ; i, aké.

Wudjud, pangrimbag lan teges :

  nanduri < n + tandur  + i = nandur ing
  nakoni < n + takon  + i = takon marang
  nggateli < ng + gatel  + i = ndjalari
  njepasari < nj + sepasar  + i = slametan kabener sepasar