Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

PARAMASASTRA JAWI

-9-


  1. Sakabehing tembung lingga sing oleh ater - ater anuswara, diarani : tembung tanduk. Samono uga ukarane diarani : ukara tanduk (active voice).


(9) (10) (11). Ater-ater : tripurusa

Wudjud, pangrimbag lan teges :


a. 1. dakwatja
 2. kosambi
 3. dipeksa


< dak  + watja
< ko  + sambi
< di  + peksa


= aku sing matja
= kowe sing njambi.
= sing meksa sianu.


b. Tandang :

 1. dakgawane < dak + e = arep dakgawa.

 2. dakpagerane < dak + pager + an + e = arep dak pageri.

 3. dakkandakne < dak + kanda + ne = arep dakkandakake.


c. Sananta :


 1. dak munggah
 2. dak ngunggahi
 3. dak ngunggahaké
 4. di ngati - ati


= arep munggah.
= arep ngunggahi.
= arep ngunggahake.
= sing ngati-ati.


Katrangan:

Ing kawruh paramasastra rimbag 3 warna ing duwur iku diarani:

 a. rimbag rimbag tanggap tripurusa (Utama-madyama-Utama-purusa).

 b. rimbag tandang.

 c. rimbag sananta. (Sananta - utama - purusa lan sananta - pratama - purusa).


(12 (13) Ater-ater: ka, ke.

Wujud, pangrimbag lan teges :

a. Tanggap :


 1. katulis < ka + tulis
 2. katulisan < ka + tulis + an
 3. katulisaké < ka + tulis + ake


= ditulis   》
= ditulisi   》
= ditulisake   》 =   (kadjarag)