Kaca:Panjurung.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

ngarep lawang omahe mBah Suro, Ngatijo uluk salam.

“Hamuuuk.”

“Huh! Aku wae sing kulanuwun,” Istingarah menggak kekarepane sing lanang.

“Kulanuwun, mBah,” swarane Istingarah.

“Mlebu!” keprungu wangsulane mBah Suro saka jero. Istingarah pancen wis kulina mrono. Saben-saben yen anake anget, utawa mriyang, playune mesthi mBah Suro, Lan wong sakampung wis nganggep yen mBah Suro pancen wong tuwa sing seneng tetulung marang liyan.

“Aku pancen wis ngramal lelara iki bakal nemahi marang wong- wong kampung kene, “kandhane mBah Suro sawise rampung ndhiagnosis lelarane Ngatijo. “Mangka yen wis ana sing ketaman lelara iki, yen ora enggal diusadani temah bisa nular. Bisa uga wong sakampung bakal ketularan kabeh!”

“Pramila kula nyuwun berkahipun Simbah, sageda semah kula enggal saras kados wingi uni”, panuwune Istingarah.

“Gampang”, mBah Suro mesem, “mung kudu dioprasi!”

Istingarah kaget krungu tembung “oprasi” mau. Najan saben- saben dheweke krungu yen mBah Suro asring ngoprasi pasien-pasien sing tetamba mrono lan sukses. Nanging tembung oprasi kuwi gawe geter atine Istingarah. Ora merga geter bakal gagale mBah Suro anggone nambani Ngatijo, nanging sing digagas prekara ragat,

“Gulune bojomu kudu dioprasi,” kandhane mBah Suro maneh. “Pita swarane bojomu wis rusak. Kudu dijupuk banjur diganti iki,” mBah Suro nuduhake kaset cilik ing tangane.

“Iha, ragate njur pinten, mBah?”

“Murah, Mung seket ewu. Murah ta? Dadi kowe aja nganggep saben-saben prodhuk teknologi kuwi larang. Iki aku dhewe sing gawe. Nalika ramalanku meh kabukten, aku enggal gawe kaset-kaset iki kanggo ngganti pita swarane wong-wong sing wis rusak,” kandhane mBah Suro karo nuduhake kaset-kaset setumpuk sing diwadhahi ules,

Ringkese Istingarah setuju. Ora mreduli dhuwit semono kuwi yen ing jaman kaya ngene iki prasasat mendelik anggone golek. Sing ana angen-angene mung marine Ngatijo. Bisaa enggal duwe swara kaya wingi uni maneh. Lan Ngatijo dhewe uga setuju.

25