Menyang kontèn

Kaca:Panjurung.pdf/163

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Esuk kuwi sawise subuhan Yu Ginah ora gage menyang pasar kaya adat sabene, saperlu kulakan. Sawise nggodhog wedang lan nyepakake sarapane Sumini, dheweke bali lungguh ing dhipan peturone. Mripate nyawang tas kresek ireng ing dhuwur bangku, isi panganan sing ora payu, utawa balen saka warung-warung. Ya pancen kaya ngono kuwi resikone bakul panganan sing ora didol dhewe. Ya saploke krismon iki bakul cilik kaya Yu Ginah iki padha sambat. Ha, ning piye maneh pancen “dayabeli masyarakate menurun”.

“mBok, mBok ... wis awan lho, ora neng pasar pa?” pitakone Sumini sing wis siap arep mangkat sekolah.

“Ahembuh Sum, Aku kuwi rak bingung ... arep dodol apa ora,” wangsulane mBokne karo nyawang njaba.

“Bingung sing kepiye ta, mBok.”

“Kowe rak ya ngerti dhewe nek wis ana sesasi iki anggone bebakulan tansah rugi. Kamangka pawitane kuwi rak dhuwit utangan sing kudu dianaki pendhak sasi. Apa saya ora rekasa nek diterus-teruske?”

“Ha, ning nek ora dodol njur arep ngapa?”

“Ya iki sing ndadekake bingungku Sum. Wis wis kana gek ndang mangkat mengko mundhak selak telat, mengko dirembug maneh.”

“Yo, wis ya mBok, tak mangkat dhisik,” guneme Sumini karo mlangkah metu.

“Yakana ... sing ngati-ati!”

Sapungkure anake Yu Ginah isih panggah lun gguh karo mikirake nasibe. Gegawangan katon wewayangane bojone sing wis ngajal kang banget ditresnani lan uga nresnani dheweke. Senajan mung tukang becak,

ning tanggungjawabe gedhe tumrap brayate. Pira wae oleh-olehane dibrukke kabeh marang sisihane. Dene yen ana kurange, bojone mau uga mbudidaya polek tambahan pemetu kanthi cara apa wae waton kalal.

“Kulanuwun ....”

Gragap. Yu Ginah krungu wong uluk salam, Dheweke age-age menyat lan methukake tamune.

“Oh manga-mangga ... tindak mlebet Bu. Nyuwun pangapunten lho, panggenanipun kados mekaten ....”

“Wis wis ora papa,” mengkono wangsulane tamune mau, sing ora liya Bu Marto bakul balapecah ing pasar Beringharjo. Dene daleme

149