Kaca:Panjurung.pdf/162

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

1

YUGINAH

Fr. Sri Yuniarti

Yu Ginah, mengkono katelahe ing kampung kono, genepe mono Tuginah. Randha enom anak-anak siji sing ditinggal mati bojone telung taun kepungkur. Patine sing lanang mergo nemu kacilakan, kesrempet truk tangki sing ngebut nalika dheweke lagi nglakokake becake. Saiki uripe mung karo anake wadon jenenge Sumini, sing saiki wis kelas enem Es Dhe. Bocahe kenes, grapyak, lan seneng srawung, Uga klebu pinter ing sekolahane. Rapote wiwit kelas siji ora ana abange, lan bijine sandhuwure rata-rata kelas. Ana ing ngomah uga ora wegah gaweane mBokne apa wae. Mula asih tresnane Yu Ginah tumplek blek marang dheweke, luwih-luwih ngelingi yen wis ora duwe bapa. Ya mung marang anake mau Yu Ginah nduweni pangarep-arep bakal bisa nerusake sejarahe wong atuwane.

Yu Ginah lan anake mau manggon ing omahe Pak Jaya, sing pancen nyewakake omah kanggo wong-wong ora duwe. Mula wujude ya mung prasaja omah kampung saka gedheg. Omah siji ukuran seket meter persegi kuwi disingget-singget, dinggoni telung somah (keluarga). Racake sing manggon wong bebadra; ana sing seka Gunungkidul lan uga ana sing seka Wonogiri klebu Yu Ginah.

Senajan wis ditinggal mati bojone, Yu Ginah ora kepengin bali ing ndesane. Awit wong tuwane sakeloron uga wis ora ana, lan uga ora bisa njagakake asiling lemah tinggalane wong tuwane sing cengkar. Mula Yu Ginah duwe tekad tetep golek pangan lan urip ing kutha. Kanggo nyambung uripe Yu Ginah banjur reka-reka gawe panganan, kayata pisang goreng, tahu susur, bakwan lan liya-liyane; banjur dititip-titipake ing warung-warung lan bakul wedang jahe (warung koboi). Ing sekawit usahane mau lumayan bisa kanggo cagak urip. Nanging kocapa. ... bumi pertiwi gonjang ganjing keterjang krismon sing ora bisa dibendung. Ru- piah anjlog, dollare ndedel. Mahanani kahanane perekonomian mawut ora karuwan. Buruh-buruh kena Pe Ha Ka utawa dipecat jalaran pabrike bangkrut; penggangguran saya nderbala. Kahanan iki dhampake ora mung dirasakake pengusaha-pengusaha gedhe lan madya wae, nanging usaha- usaha gurem kaya usahane Yu Ginah uga ora luput.


bad

148