Kaca:Panjurung.pdf/152

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Pak Dhukuh lan Karno sakulawarga wis sarembug, yen bengi iku arep dianakake acara ngedum ijasah persamaan Es De, dibarengake karo acara selapanan bayi. Dhana cumpen sing kanggo ngedum ijasah-ijasah, disumbangake Suminem, ngiras ngirus. | Bareng wis jam sanga bengi banjur dianakake macapatan. Wong- | wong genti genten maca tembang kidung. Ngarepake metu dhahar Karmo ngetokake kepekan banjur kawaca. Suarane kung, tembange dhan- dhanggula:

1. Iman lan takwa Kang Maha Asih Bayiku kang lair sepisanan Utama luhur budine Sumanggem kabeh laku Cithakane bocah kang lantip Ha ywa ngucireng karya Dimen tansah unggul Sumeh jiwa raga waras Wicaksana ndhisike kang perlu dhisik Tatanan ditindakna

2. Sang bagaskara nyunari bumi Garing godhong ana tengah wana Sasmita ketiga kiye Trawaca yenta iku Jagat rendheng bakal dumadi Walik waliking mangsa Yoga kula niku Gya tumapak padhang hawa Karsanipun tangguh tanggon angadhepi Tata gelar kahanan.

138