Kaca:Panjurung.pdf/153

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

SUMPRIT Sulistyanto

“Kur iikur Kur

Mangkono Sutoto ngundang saperangan pitik sing durung gelem mlebu kandhang. Sawise sagenggem gabah disebar ing njero kandhang, pitik-pitik mau banjur padha mlebu. Padha rebutan notholi gabah. Sing wis mapan uga pingin melu rebutan, dadi pating bleber.

“Hemm ... kaya rebutan barang jarahan wae, tik-pitik, ” Sutoto ngomong dhewe.

Ora let suwe sawise nutup lawang kandhang, dumadakan Mini, adhi ponakan, mlayu-mlayu nyedhaki, Sajak wigati banget.

“Kang To, oleh layang!”

Oya, sapa sing ngeterke, Dhik, Pak Dhukuh pa?”

“Mas Mono kok mau ,..”?

Durung rampung anggone omong, Mini kaget merga Lesmono, kangmase, sing lagi olahraga sore wis ana tengene. Sinambi ngobah- Obahake tangan lan sikil, Mono ngomong,

“Mau udakara jam sepuluh, kancamu mrene lan nitip layang iku, delengen rak ora ana perangkone, ta?”

Sutoto selak kepingin banget ngerteni isine layang iku. Mulane sawise Mini lan Mono ngedoh, amplop banjur disuwek pinggire lan dluwang salembar ing njerone banjur dilolos. Dheg ...dheg ,..sirr! Apa isining layang?

Pranyata saka Sanggar Embun Bening. Isine layang yaiku undhangan murih dina Minggu, tanggal 28 Oktober, jam 8 teka ing sekretariat sanggar saperlu latihan teater. Putra mbarepe Pakdhe Jaya iki dadi malah katon bingung. Merga telung dina sadurunge oleh undhangan saka Balai Penelitian Bahasa murih melu upacara pengetan dina Sumpah Pemuda banjur diterusake “dhiskusi? babagan sastra Jawa. Pokoke saka dina, tanggal, lan wektune, persis pleg.

“Wadhuh ....kok ya bareng-bareng, ta?” Sutoto nggrundel sinambi

mlaku lan mlebu omah. Dheweke dadi kurang. sumringah, ora liya mikirake 2 acara

139