apa maneh Barman lan Kirdjo kang wis oleh djedjulu kan proff lan amatir krontjong ana kampunge, meksa isih kasengsem karo pamijule Pak Amat, djarene durung ana wong sing mijule pada karo deweke. Mula gumune Barman lan Kridjo ora entek2, ingatase Pak Amat sing wong kaja ugono, teka nduweni kapinteran sing ngeram-ngeramake. Anggone mijul adjeg titis, djedjeg, tur gaja variasine sadjak kaja tilas violis sing kondang kaonang-onang. Mula botjah loro adjeg teka omahe Pak Amat, ndjaluk diadjari.
Senadjan udane isih ngrredjih Barman karo Kirdjo pada merlokake teka omahe Pak Amat, senadjan awake klebus ora dirasa, merga dina iku keprungu pamijule Pak Amat sedje karo sing uwis2.
Tekan omahe Pak Amat terus mak bludus mlebu tanpo kula nuwun, awit wis kulina. Botjah loro weruh Pak Amat lagi dolanan pijule lungguh ana kursi.
-- Wah lah hebat temen dina iki Pak Amat anggone mijul, nganti aku sing krungu ora kuwat, bandjur mrene. Njata Pak Amat violis tuwa tenan. - ngono guneme tjah loro karo mapan lungguh ing lintjak sisihe.
-- Eh mangga mangga nak, nganti kaget aku, dakarani sapa ki mau tamune, djébule nak Kirdjo lan nak Barman. Niki napa saweg njobi pijul kula sing empun kawak, kaju saking Kalimantan, kok nggih mboten kalah kalijan kaju triplex saking luar negeri. - Wangsulane Pak Amat karo njelehh pijule ing medja.
-- Empun pak, diterusake angsale raijul, wong keraja2 pe kok malah kendel.