Kaca:Paitan.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

liyer, tlenyer-tlenyer. Nyes. Dheweke wis kulina angon suwara lan gendhing.

Para pesindhen, seniwati, lan wiraswara sing napase kuwat olah suwara kayata Ny Supadmi seka STSI Solo, Ny Marinem seka Cindhe Laras, Marsidah B.Sc. suwarane jitu, miluta tenan. Mung wae, dheweke anggone nembang macapat wis ora asli. Tembange wis dipoles dening swasana. Uga diiringi gendhing lan instrumen liyane. Ateges, seni macapat wis kasil mencok lan ndhompleng ing jagad seni liyane, utamane ing wayang kulit lan kethoprak.

Menawa macapat mau diiringi gendhing sok diarani macapat gendhing (sekar gendhing). Dene yen ana gendhing sing nganggorumpakan macapat disebut gendhing macapat (gendhing sekan). Lelorone tetep maju bareng, amrih maujud pagelaran kang ndudut ati. Ing kasusastran Jawa, sing kerep kelakon yaiku macapat gendhing. Yaiku tembang macapat sing digarap bareng, karo gendhing (gamelan). Macapat gendhing mau butuh kaprigelan olah swara lan ngneng gendhing. Modhel ngene iki, kerep kelakon wujud panembrama. Panembrama sing nganggo bawa macapat, njur diiringi gendhing pas umpak-umpak, gerong, lan ngelik.

Macapat gendhing ora mung kanggo umuk-umukan. Kreasi macapat gendhing mujudake macapat tataran dhuwur. Cengkok lan kilak-kiluking suwara uga saya muyeg. Okeh suwara dawa, luk kang ngendhelong, mendhak mendhukul, ngetut iline laras gendhing. Ing kreasi ngene iki, kudu ana “mongkinemong” antarane macapat lan gedhinge. Lelorone sampyuh, nyawiji, kaya campure gula ing wedang the.

Macapat gendhing mligi kanggo cecawis pemanggungan (performance art). Pemanggungan uga disebut pagelaran. Ateges, macapat wis digawe semu, kebak prenik-prenik, amrih narik kawigaten. Tembunge liya, macapat dadi komodhiti kang

106___PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004