Kaca:Paitan.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

bisa ditonton lan dirasakake. Yen macapat lawaran (vokal thok) mung dadi konsumsi kuping, macapat gendhing kolaboratif dadi konsumsine kuping lan mripat. Bab iki mbutuhake kakgunan seni warna-warna sing dicarub byuk, persis olahan gudheg. Gudheg kae najan beda-beda bahane, ning diolah memet, njur nambahi mathuk.

Kolaborasi macapat wis mujudake seni panggung. Klebu olah seni alternatif, kakreben macapat digandrungi. Ing kene bisa diwuwuhi apa wae, waton gathuk lan mathuk. Durung ana rumus baku. Cekak cukupe olahan macpat kolaborasi mujudake sintetic art (seni campuran, luluh). Perangan-perangan seni, wis ora ana sing luwih dhominan. Kabeh sarwa njurung, kanggo mujudake performance kang menjila.

Kang dibutuhake ing olah macapat kolaborasi, yaiku: (1) olah vokal tataran dhuwur, laras lan membat mentuling sawara sarwa nengsemake, (2) panyurasa batin paraga, paraga kang kajibah bisa nyurasa isine macapat kanthi gembleng, tumanjem ing ati, (3) ekspresi, paraga kudu nguwasani inner action (aksi kang menep), gerak lan laku kudu cetha, ana alasan kang jelas.

Kolaborasi macapat mujudake seni garapan. Yen wayang kulit, klebu carangan. Mulane, seni sing dimaska kolaboratif bebas. Sing kudu didhapuk ing macapat kolaborasi, yaiku: (1) penata laku (sutradhara), (2) penulis laku (skenario), (3) paraga, (4) pangiring, (5) kolaborator, (dalang/pranatacara). Sutradara duwe jejibahan nglatih lan nemtokake lakune kolaborasi. Penulis skenario, mung kejibah nulis kang trep. Tulisan bisa diulur-ungkret dening sutradhara. Tulisan sipate fleksibel. Paraga, duwe tugas dhewe-dhewe, manut jatah. Pangiring, isih diperang dadi loro yaiku pranata wirama lan penabuh. Kolaborator, duwe ayahan metani latihan, amrih luwih nges.

Nalika dianakake macapat kolaborasi ing SMP 2 Pengasih, pancen cumpen iringane, mung gamelan slendro. Dadi

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004__109