Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 9 -

Para raseksa sirna kataman panahipun Rama ingkang nama Guwawijaya.

Wonten raseksa nama Sarpakenaka. Sareng sumerep Lesmana manahipun gumun. Déné wonten satria bagusipun uleng-ulengan.

Lesmana kasaut badhé kabekta dhateng Ngalengka. Lesmana trengginas, Sarpakenaka gentos kasaut, kauntir irungipun.

Sarpakenaka lingsem, lajeng wangsul dhateng Ngalengka. Niyatipun badhé males wirang.

Sarpakenaka adul-adul, tembungipun : "Kakang Rawana, aku dipaéka satria. Saiki dedunung ing alas Dhandhaka. Satria iku duwé sadulur wadon, ayu rupané. Alise nanggal sapisan, bangkèkané nwaon kemit. Sajagad ora ana sing madhani ayune".

Sakala Rawana cengkélak, mangkat dhateng wana Dhandaka. Wil Marica ingkang ndhèrèkaken lampahipun.

Dumugi ing wana sumerep Dewi Sinta kajagi déning Rama tuwin Lesmana.

Wil Marica kadhawuhan malih kidang emas. Kidang emas mlajar wira-wiri sacelakipun Dèwi Sinta. Dèwi Sinta sareng sumerep katarik manahipun. Rama kasuwun nyepengaken kidang menika.