Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 10 -

Rama ngoyak-oyak kidang emas. Kidang emas mlajeng ngantos tebih. Rama séwot, kidang kapanah, kénging. Kidang njerit sora.

Dèwi Sinta mireng, kakinten swantenipun Rama. Lesmana kadhawuhan tetulung. Lesmana lajeng késah.

Sapengkeripun Lesmana, Rawana nyelaki Dèwi Sinta, méndha-méndha pandhita sepuh thikluk-thikluk. Dèwi Sinta kaglembuk, wasana kénging kacepeng, lajeng kabekta mabur. Dèwi Sinta nangis karanta-ranta.

Peksi Jathayu mireng tangisipun Dèwi Sinta lajeng mabur, badhé tetulung. Dèwi Sinta karebat, nanging kénging karebat déning Rawana malih. Dados perang ramé.

Wasana peksi Jathayu kapedhang swiwinipun, sengklèh. Peksi Jathayu dhawah, nglempuruk ing bumi.

Sareng Rama lan Lesmana dhateng, peksi Jathayu cariyos bilih Dèwi Sinta kacolong déning Rawana. Rama lan Lesmana lajeng bidhal, badhé nglurugi nagari Ngalengka.

A. PITAKONAN.

  1. Rama, Sinta lan Lesmana teka ing ngendi?
  2. Ana ing alas kono diganggu buta.
Pira cacahé?
  1. Para buta sirna.
Apa sebabé?
  1. Ana buta wadon teka.
Sapa jenengé. Asalé saka ngendi?
  1. Généa buta wadon iku gumun marang Lesmana?
  2. Sarpakenaka banjur adul-adul marang sapa?
Sapa sing ndhèrèkaké?
  1. Rawana mangkat menyang alas Dhandaka.
  1. Dèwi Sinta kepéncut warnané kidang emas iku.
Sajatiné kidang emas iku malihané sapa?
  1. Dèwi Sinta dicolong pandhita tuwa thikluk-thikluk.
Malihané sapa pandhita tuwa iku?
  1. Sapa sing tetulung? Kasil apa ora? Apa sababé?

B. TEMBUNG TUNGGAL TEGES

 Tembung-tembung kang dicap miring gantinen tembung liya kang padha tegesé!

Rama diganggu déning para raseksa.
Para raseksa dipanah, sirna.
Sarpakenaka lingsem.