Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-64-

Gedhé empyak kurang cagak.
Yèn dadi gedhé aja umuk!
Surup kulup, wong sinau iku kudu sregep!
Jaré sok ana wong surup sétan, aku ora ngandel
Sapa sing pinter iku pratandhané bocah bodho.
Yen golèk pinter kudu sregep.

C. TEMBUNG TUNGGAL TEGES.

Tembung-tembung sing dicap miring gantinen tembung liya kang padha tegesé!

Aku wis nampa kintaka saka kowé.
Abimanyu wus wasis olah perang.
Jeneng sira dadi bocah sing pinter.
Para murid golèk kawruh ing pawiyatan.
Mumpung mudha golèka kawruk utama!
Muga-muga kabèh kaparingan widada.
Angger temen-temen, apa kang disedya mesthi kelakon.
Aku arep sekolah ing pamulangan luhur.
Aja kendhat anggonmu sinau!
Sumurupa kulup, wong sinau iku ora gampang.

D. TEMBANG.

GAMBUH

  1. Wajibé murid iku,
    titi tlatèn anggoné sinau,
    ora wegah ora mamang ora wedi,
    samubarang kang kalaku,
    kudu bener lawan maton.
  2. Manawa golèk ngelmu,
    waspadakna aja nganti. klèru,
    ngelmu iku ana ala ana becik,
    miliha ngèlmu kang nyata,
    aja gampang gugon tuhon.

E. NUILIS JAWA.

Tembang ing dhuwur tulisen nganggo aksara Jawa!

F. MILIH TEMBUNG.

Pilihen tembung sing kokanggep bener kanggo ngganepi ukara ngisor iki!