Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 63 -

andhap asor. Aja ngedir-edirké kapinteranmu. Sapa sing gumedhé pratandhané iku wong cilik. Sapa sing kuminter, pratandhané iku wong bodho. Sapa sing kumingsun iku pratandhané wong cupet ing budi.

Kulup. bocah bagus. Sawisé tamat paguronira, aja banjur mandheg samono. Kawruh iku ora ana entèké. Banjurna anggonmu ngudi kawruh. Golèka guru kang luwih luhur. Ngupayaa pamulangan kang luwih jembar. Jeneng sira isih mudha, durung wayahé nyekel praja.

Kulup Abimanyu. Ora kendhat puji dongaku. Muga-muga anggonmu sinau pinaringan gangsar, énggal mundhak-mundhak kapinteranmu, wuwuh-wuwuh kawruhmu.

Sumurupa kulup. Wong ngudi kawruh iku abot lakuné. Kudu kanthi temen, tegen, mugen lan rigen. Apa maneh titi, tata lan tlatèn, karo déné tetep lan mantep.

Wasana, muga-muga kabeh kaparingana widada, kecekel apa kang kasedya.

Ngukiratawu, 14 Rejeb 1906.

Embahmu   

Ajar Pandhudéwanata 

A. PITAKONAN.

  1. Layang iku saka sapa marang sapa?
  2. Dhek kapan anggoné nulis?
  3. Abimanyu iku prenah apané?
  4. Abimanyu maguru ing endif
  5. Abimąnyu wis pinter apa?
  6. Watak kumalungkung iku apa becik?
  7. Watak andhap asor iku apa becik?
  8. Ajar iku ngendi pratapané?
  9. Wong ngudi kawruh kudu kepriyé?
  10. Kapriyé pamujiné Ki Ajar marang putuné?

B. NGOWAHI TEMBUNG

Tembung-tembung kang dicap miring owahana salaras karo ukarané!

Aku wis tanpa layangmu nalika tanggal patbelas kepungkur.
Dhuwit iki tampa marang adhimu!
Yen tampa barang kudu nganggo tangan tengen.
Sapa sing gedhé iku pratandhané wong cilik