Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 59 —

 Jaran mangsuli : "Bandara, kula boten purun. Ratu kula ngawisi bangsa kula nyambut damel awrat".

 "Apa bener kandhamu?"

 "Leres. Manawi boten pitados kula gadhah serat saking ratu kula".

 "Endi layangé?"

 "Wingi dipun sambut segawon".

 Wong désa marani asu, banjur takon :"Asu, apa bener kowé nyilih layangé jaran?"

 "Inggih leres, nanging samenika dipun bekta kucing".

 Wong désa marani kucing, banjur takon : "Kucing, apa bener kowé nggawa layangé asu?"

 Inggih leres. Kula simpen wonten nginggil lemantun.

 "Endi, jupuken!"

 Kucing munggah lemari, weruh ana tikus lagi nyacah layang. Tikus digetak, mlayu njranthal.

 "Kucing njupuk layang sing wis ajur mumur, banjur dicaosaké bendarané.
"Bendara, menika, seratipun".

 Wong désa muring-muring, awit layangé rowak-rawèk. Nuli celathu marang jaran : "Jaran, layang saka ratumu wis ora kena diwaca, awit dicacah déning tikus. Wiwit dina iki kowé kudu nyambut gawé lan kudu gelem nggèrèd dhokar lan sapanunggalané!"

 Jaran gething marang asu, awit asu dikira sing luput. Asu gething marang kucing, awit kucing dikira sing luput. Kucing gething marang tikus. Angger tikus katon sanalika dioyak, yèn kecandhak dicácah-cacah, dimangsa dagingé.


A. PITAKONAN.

  1. Wacan iku isi dongengé sapa?
  2. Dongèng bab apa?
  3. Wong désa iku ngingu apa?
  4. Wong désa iku duwé pametu apa?
  5. Anuju sawiji dina wong désa iku arep menyang endi?
    Arep adol apa?
  6. Généa wong désa iku ora bisa nggèrèd dhokaré?
    Banjur njaluk tulung sapa?
  7. Jaran ora gelem nggèrèd dhokar.
    Apa santolané?
  8. Jaran iku duwé layang.
    Saka sapa layang iku?