Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 58 -

I. NGARANG.

Ngaranga bab : tikus, bajing, trewèlu utawa marmut!
a. Iku kalebu bangsanė apa?
b. Iku kéwan kang migunani apa ora!
c. Lan sapanunggalané.




14. Mula bukané kucing mungsuhan karo tikus

Dongèngé simbah.

Dhek jaman biyèn, ana wong désa duwé ingon-ingon jaran, asu lan kucing.

Yèn dina Paing wong désa iku dodolan pametuning kebon menyang pasar, Pametuning kebon iku, kaya ta : krambil, gori, kluwih lan sukun.

Anggoné. nggawa dimot ing dhokar. Dhokar iku digèrèd déning wong désa iku dhéwé.

Anuju sawiji dina wong désa iku arep menyang pasar. Dumadakan sikilé midak beling, dadi ora bisa nggèrèd dhokaré.

Wong désa marani jaran, celathuné : "Hé, jaran. Kowé iku gawému mung turu, mangan lan ngombé. Aku tulungana, gèrèdna dhokar iki menyang pasar!"