Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 51 -

12. Kasarasan langkung pangaos katimbang emas

Sesorahé Mantri Kasarasan :

Sadhèrèk-sadhèrèk, kasarasan menika ageng aosipun. Sanajan sugih bandha bandhu, manawi badan boten saras, gesangipun susah. Wonten tiyang cariyos, sakit menika sekaring pejah.

Mila tiyang kedah resikan supados boten katrajang sesakit. Supados boten gampil katrajang sesakit tiyang kedah jagi-jagi. Sapisan, tiyang kedah njagi bab tedha. Tedha ingkang badhé kadhahar kedah resik tur saé. Tetedhan mambet utawi wayu túwin wowohan enèm gampil nuwuhaken sesakit.

Kaping kalih, tiyang kedah njagi griya. Griya kedah resik tur padhang. Griya ingkang peteng, sawangipun pating granceng, uwuhipun ngundhung-undhung temtu dados susuhing sesakit. Tiyang ingkang manggèn ing ngriku temtu tansah boten saras, sesakiten. Laré ingkang manggèn tansah nandhang watuk, pileg. Mila griya kedah mawi jendhela, supados angsal sunaring surya, hawa saged gilir gumantos, tansah resik.

Kaping tiga, tiyang kedah njagi latar tuwin pakarangan. Latar kedah tansah resik, sampun ngantos nandheg uwuh. Uwuh bosok