Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 52 -

dados susuhing wiji sesakit. Menawi laler méncok ing ngriku wiji sesakit katut ing suku laler. Mangka laler menika seneng méncok ing tetedhan. Kados pundi upami tetedhan menika lajeng mlebet weteng?

Pakarangan ugi kedah resik, sampun ngantos wonten toya mambeg, mindhak kanggé nigan lemut malaria.
Kaping sakawan, tiyang sampun ngantos bebucal saenggèn-enggèn. Kakus kedah katutup rapet, supados boten kasaba laler, tur ambetipun boten ngambra-ambra.

Tiyang sesakiten boten badhé saged nyambut damel. Saupami tiyang sugih dangu-dangu badhé telas bandhanipun, katedha tuwin kanggé nyekapi betah sanèsipun.

Para sadherèk, mugi anggatosna kasarasan panjenengan. Kasarasan langkung pangaos katimbang emas.

A. PITAKON.

  1. Wacan iku isi sesorahé sapa?
  2. Kasarasan karo bandha aji endi?
  3. Supaya ora ketrajang lelara awaké dhéwé kudu kepriyé?
  4. Apa prelu awaké dhéwé njaga pangan?
  5. Apa preluné omah kudu tansah resik?
  6. Omah kang peteng ora becik. Apa sababé?
  7. Omah kudu duwé jendhéla.
    Apa gunané jendhéla iku?
  8. Généa awaké dhéwé ora kena nandheg uwuh?
  9. Banyu ora kena mambeg ing pakarangàn.
    Apa sababé mangkono?
  10. Kakus kudu katutup rapet.
    Apa pamrihé?

B. NGOWAHI TEMBUING.

Tembung "sakit" dadi "sasakit" utawa "sesakit". Tembung iku dirangkep wandané kang mgarep. Coba tembung-tembung ing ngisor iki uga owahana kaya tuladha kasebut!

Kathah tiyang sami (sabin)
Tiyang-tiyang ing dhusun ngriku seneng (dana).
Pak Wangsa (griya) ing pinggir lèpèn.
Pak Lurah (dalem) ing dhusun Gadhingreja.
Sami tresnaa dhateng (sami)!