Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 18 —

Ora suwé teka ing gisiking sagara. Harya Wrekodara nuli nggebyur ing sagara.
Dumadakan ana ula naga, kumambang ing banyuning sagara. Ula naga ngalang-alangi lakuné Harya Wrekodara, wasana dadi perang.
Harya Wrekodara kagubel naga. Ula naga kaudhèt-udhet nganggo kuku pancanaka, wekasan sirna malih dadi déwa kredhil, aran Déwaruci.
Harya Wrekodara dituntun lumebu ing telenging sagara. Harya Wrekodara diwènèhi banyu suci kang aran Tirtamarta.
Harya Wrekodara bungahé ora kinira-kira, nuli bali menyang nagara.
Satekané ing Ngamarta gita - gita kapethukaké kadang-kadangé. Kabèh padha bungah-bungah, déné saduluré isih rahaya slamet.
Para kadang lan kawula sanagara padha pista andrawin, mahargya tekané Harya Wrekodara.

A. PITAKONAN.

  1. Saulihé saka gunung Candramuka Harya Wrekodara njujug ngendi?
  2. Sapa kang lagi ngadhep ratuné?
  3. Kapriyé tekané Harya Wrekodara?
  4. Para Korowa padha cingak.
    Apa sababé?
  5. Dhang Hyang Drona kepriyé?
  6. Harya Wrekodara katoné kepriyé?
  7. Dhang Hyang Drona calathu ngarih-arih.
    Apa sababé mangkono?
  8. Harya Wrekodara apa ngandel marang pituturé Dhang Hyang Drona?
  9. Harya Wrekodara pamitan marang sapa?
    Sapa kang lagi rawuh ing kono?
  10. Harya Wrekodara apa sida mangkat?
    Olèh gawé apa ora? Sapa sing mènèhi?

B. NGOWAHI TEMBUNG.
Tembung-tembung kang dikurung owahana. Wènèhana seselan -um-. Yèn prelu wènèhana panambang -an!
Harya Wrekodara teka, (drojog) tanpa larapan.