Kaca:Nyinau Basa lan Sastra Jawa.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 17 -

4. Harya Wrekodara golék Tirtamarta

Harya Wrekodara njujug ing Kraton Ngastina. Sang Prabu Suyundana lagi lenggah, sinéba ing para santana. Patih Sengkuni lan Dhang Hyang Drona uga sowan.

Harya Wrekodara teka, dumrojog tanpa larapan. Para Korawa cingak, awit kakira Harya Wrekodara wis sirna ing gunung Candramuka.

Dhang Hyang Drona gita-gita methukaké, ngrangkul Harya Wrekodara. Harya Wrekodara nesu, jaja bang mawinga-winga. Nétra andik angatirah, kumedut padoning lathi.

Dhang Hyang Drona calathu ngarih-arih : "Hé, kulup bocah dhégus. Kowé aja agé-agé nesu. Dakkandani rungokna, ya. Mangretia, déwa awèh wisik marang aku. Jaré banyu suci saiki wis ngalih mapan ing telenging sagara. Wis énggal golèkana!

Harya Wrekodara cengkélak, mangkat menyang telenging sagara.

Lakuné mampir ing nagara Ngamarta, pamit marang kadang-kadangé. Kabeneran Prabu Kresna lagi rawuh ing kono. Harya Wrekodara kapenggak, nanging ora gelem. Kadang-kadangé nggondhèli, nuli kakipataké, kontal. Harya Wrekodara mangkat dhéwékan. Lakuné kaya angin.