Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

48

  1. Embat njundari utawa embat regu, jaiku gamelan kang panglarasé sarana ngunggahaké laras gedé lan ngudhunaké laras tjilik, mulané swarané keprungu ruruh.
  2. Embat Larasati, jaiku gamelan sing panglarasé sarana ngudhunaké laras gedhé lan ngunggahaké laras tjilik, mulané swarané keprungu nènès-kenès.


BAB VI. GENDING. (*)

 1. Gendhing, tegesé : 1 Djuru gawé gamelan. 2 Lelagon swaraning gamelan.

Gendhèng, tegesé lelagon swaraning wong, maksudé lelagoning tembang.

 Ahli gendhing-gendhèng, tegesé: ahli ing babagan lelagon swaraning gamelan, lan uga ahli ing babagan langenswara.

 Gamelan bisa mahjakaké gendhing, manawa kabèh peprintjén reritjikané gamelan iku laras lan panabuhé mawa irama sarta pathet kang gumatok (tartamtu).

 2. Irama iku ukuran tamban-sesegé utawa rindik-rikaté panabuhé gamelan lan bola-balining dhong-dhing.

 Irama panabuhé gamelan ana warna loro, jaiku:

  1. Irama lamba (irama sidji, irama lantjaran).
  2. Irama rangkep (irama tamban, irama wilet).

 Irama rangkep kena kapérang telu, jaiku: irama rangkep 2, rangkep 3 lan irama rangkep 4.

 3. Dhong-dhing, satemené ateges: swara anteb __ Swara ampang. (Dhong = anteb. Dhing = ampang).

 Panabuhé gamelan iku saben sairama ana 4 thuthukan. Thuthukan kapisan anteb, kapindho ampang, kathelu anteb, kapingpat ampang. Manawa ditjeṭakaké sarana garis-irama, wudjudé kaja ing ngisor iki:

 Dhong dhing dhong dhing/dhong dhing dhong dhing/dhong............... sabandjuré.

 Tjunduké karo lelagoning tembang, 4 thuthukan ing panabuhé gamelan pada karo 4 sabetan ing lelagoning tembang. Manawa 4 sabetan iku sidji-sidjiné awudjud titilaras utawa wandaning tembung, olèhé nglagokaké titilaras (wanda) kapisan gorawa (anteb), kapindho lagawa (ampang), kathelu rada anteb, kapingpat ampang.

 Tjunduké karo iketané tembang (tjakepané), dhong-dhing iku padha karo guru-lagu.

 4. Pathet iku ukuran enḍèk-ḍuwuring gendhing. Ja patet iku sing nemtokaké mapané gendhing lan matesi munggah-muḍuning panabuhé gamelan.


___________
(*) Bab genḍing lan gamelan, sapérangan petikan saka buku Seni-suara Djawa, karangané Ki F. Atmadarsana.