Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
47
  1. Ing pura Mangkunagaran: 1 Kanjutmèsem, 2 Udan-asih, 3 Udan-arum, 4 Udan-riris, 5 Lipur-tamba-neng.
  2. Ing pura Pakualaman: 1 Pangawésari, 2 Tlagamuntjar, 3 Gangsa P.B.X.
  3.  
  1. Manut larasé, gamelan ana warna loro, jaiku gamelan sléndro lan gamelan pélog.
    Peprintjèné gamelan sléndro mawa laras warna lima, jaiku: laras barang, laras gulu (djangga), laras dada (djadja), laras lima lan laras nem. Gamelan pélog mawa laras warna pitu, jaiku: laras panunggul (bem), laras gulu, laras dhadha, laras pélog, laras lima, nem lan barang.
    Laras, swara kang tumata kanti gumathok. Gumathok mungguhing rikating kedheré ing dalem wektu kang tartamtu (saben 1 sekon), gumathok mungguhing duwuré.
  2. Kanggo nggampangaké pasinaon nabuh gamelan lan pasinaon nembang, peprintjèning laras ing duwur iku sidji-sidjiné ditengeri nganggo angka kang diarani titilaras.

A. Titilaras ing gamelan sléndro:
1 = laras barang.
2 = laras gulu.
3 = laras dada.
5 = laras lima.
6 = laras nem.

B. Titilaras ing gamelan pélog:
1 = laras panunggul(bem).
2 = laras gulu.
3 = laras dada.
4 = laras pélog.
5 = laras lima
6 = laras nem.
7 = laras barang.

  1. Laras warna-warna kasebut ing duwur iku kena dipérang dadi 3. golongan, jaiku:
    1. Laras tjilik, wiwit saka laras-guluné gendèr-panerus ing pérangan tengah, sapandhuwur. Iku pada karo larasé saron-barung.
    2. Laras madya (seḍeng, tengahan), wiwit laras-nemé gendèr-panerus ing pérangan tengah, sapangisor. Iku pada karo larasé saron-demung.
    3. Laras gedé, wiwit laras-nemé gendèr-gedhé ing pérangan tengah sapangisor. Iku pada karo larasé slenthem.


    1. Embating gamelan, tegesé enḍhèk-duwuring panglarasé gamelan (panggawéné). Embating gamelan iku ana warna telu, jaiku:
    1. Embat lugu, jaiku gamelan kang panglarasé prasadja, mulané swarané ija barès.