Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
5
PRAWATJANA.

Para nupiksa ingkang minulja.

Nuwun.

Kaṭah para ahli panggulawentah ingkang kagungan pamanggih, bilih „tjaranipun nḍapuk" isinipun serat Ngéngréngan Kasusastran Djawa ingkang tjap-tjapan kapisan saha kaping-kalih, taksih kirang mungguh. Para ahli panggulawentah punika sami asung sesuluh „tjara nḍapuk" ingkang prajogi. Inggih kanți adeḍasar sesuluhipun para ahli panggulawentah punika „isinipun serat punika" kaḍapuk manut gagrag énggal.

Isinipun serat Ngéngréngan Kasusastran Djawa djilid II punika, saking tjap-tjapan ingkang kaping kalih, katah wewahan' saha éwah-éwahanipun. Pérangan ingkang sakinten kirang migunani, kabutjal, kagantos ingkang langkung wigatos.

Wewahan énggal ingkang pinanggih ing salebetipun serat punika, kaṭah ingkang pinangkanipun saking pandjurungipun para paramèng basa. Wonten ugi pandjurung saking paramèng basa ingkang boten kawrat ing serat punika, djalaran ḍatengipun pandjurung punika kasèp utawi kaanggep kirang mumpangati.

Ḍateng para paramèng basa ingkang sampun kepareng paring sesuluh utawi pandjurung, pangimpun ngaturaken gunging panuwun. Ing saladjengipun, pangimpun taksih ngadjeng-adjeng sesuluh saking para nupiksa saha saking para paramèng basa, langkung-langkung saking para warganing „Panitya Bahasa Djawa S.G.B. Djawa Tengah” ingkang kepareng ing panggalih karsa paring pambijantu murih isinipun serat punika saged saja sampurna.

S. PADMOSOEKOTJO.


Purworedjo, 31 Agustus 1960