Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BAB 1. WANGSALAN.

1. Kang diarani wangsalan.
 Unèn-unèn saèmper tjangkriman kanṭi mratélakaké batangané utawa tebusané sarana sinandi, liré: olèhé mratélakaké batangané ora melok, ora ditjeplosaké, mung dipratélakaké (dituduhaké) sawanda utawa luwih.
 Tulaḍa: Djenang gula, adja lali.
 Wanda "li" ing tembung "lali" iku nuduhaké manawa wangsalan "djenang gula" iku batangané "glali".
2. Wangsalan lamba.
 Wangsalan lamba iku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) sidji.
 Unèn-unèné wangsalan lamba mung saukara kang kadadéan saka rong gatra. Gatra kang Ngarep isi wangsalan, gale sing buri isi batangané.
 Tulaḍa : Pinḍang lulang, katjèk apa aku karo kowé. (Pinḍang lulang = krètjèk).
3. Wangsalan rangkep (tjamboran).
 Wangsalan rangkep iku wangsalan sing isi batangan luwih saka sidji.
 Unèn-unèné wangsalan rangkep kadadéan saka rong ukara, sidji-sidjiné ukara kadadéan saka rong gatra. Ukara kapisan isi wangsalan, ukara kapindo isi batangané.
 Tulaḍa: “Djenang séla, wader kalèn sesonḍéran. (Apu, sepat).
    Apuranta, jèn wonten lepat kawula.
4. Wangsalan memet.
 Wangsalan memet iku wangsalan sing tjarané njegolèki batangané sarana ngontjèki maksuding tetembungané ambal ping pinḍo.
 Tulaḍa: Uler-kambang, jèn trima alon-alonan.
 Ontjék-ontjékan kapisan: Uler-kambang, maksudé "lintah".
 Ontjék-ontjékan kapinḍo: Wanda "tah" ing tembung "lintah", dianggep wantjahané tembung kang surasané "alon-alonan", jaiku tembung "satitahé". Tembung "satitahé” ateges "ora ngaja", mung tumindak sakapénaké baé, kanṭi alon-alonan.
5. Wangsalan padinan.
 Wangsalan padinan iku ana sing nganggo njebutaké batangané, lan ana sing tanpa njebutaké batangané, marga wong-wong sing pada ngrungu (matja) ding cép wis ngreti maksudé (batangané).
 Tulaḍa: Wong kaé sadjatiné wis krungu kanyaku, nanging ndjangan gori.