Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
22

IV. Tembungé wiwitan muni „swara suling”, lelagoné ija diarani Swara-suling.

7. Tulada lelagon dolanan.

I. WITING KLAPA (SLÉNDRO PATET 9).

5 1 5 2 3 2 3 2 5 3 1 6 . 0 0 0

A. Witing kla- pa lu- gu- né maksud pa-ngrip-ta

5 6 1 2 . 3 . 5 . 1 6 5 . 0 2 3

sung se-su- luh pra nu- pik- sa, ma-mrih

2 5 0 0 6 6 6 6 5 5 1 6 . 5 6 1

bi sa mi- lih we wa-kil u- ta- ma, tu- hu

6 5 2 . 6 . 1 5 2 3 1

bi- sa na- ta pra- dja.

B. Kawruhana pakarjaning para warga, Konstitwante ing- kang sarta, pra anggota, Perwakilan Rakjat kita, ndapuk undang pariwara.

C. Mula poma miliha kanti wewéka, ajwa ambawur kéwala, lwih prajoga, watak-wantu élingana, djanma kang tjinalon warga.

D. Wong sing pinter bisa gawé unḍang bener, saka wohé ati banter, tan keblinger, temah Rakjat tan gumeder, regedjegan rebut bener.

E. Wong sing djudjur bisa gawé unḍang luhur, pradja bisa dadi miswur, sarta makmur, Rakjat nora pidjer udur, tan akèh kaum panganggur.

F. Wong sing prigel bisa gawé undang supel, andajani Rakjat wekel, temah mrențel, sandang-pangan madju ndedel, mring pemimpin saja ngandel.

G. Wong sing slingkuh gawé unḍang mesti kisruh, kegeḍèn mélik kepatuh, angaluțuh, rerusuh sangsaja wuwuh, Rakjat sambat pating brekuh.

H. Wong sing djirih gawé undang mesti ringkih, temah Rakjat kèh kang sedih, trus ketitih, uripé saja kelindih, dadi kurbaning wong sugih.