Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
21
GIRISA (LARAS PÉLOG PATET 6).

5 5 5 5. 56 5.3 356 6.5

Ku-dang- an- ku mring pra sis-

5 6 1 2.3. 6 5 3 5.65.32

da di- a djan- ma su- si- la

6 5 1.2 6 2 2 23 1.216

ku- wat dji- wa mi wah ra- ga

2 35 5 5 56 5.3 356 6.5

su- gih gu- na a- nim- pu- na

5 6 1 2.321 6 5 3 5.65.32

tur dar- bé wa- tak sa- tri- ja

6 5 1.2 6 2 2 23 1.216

tan mi- kir di- pri- jang- ga

2 1 2 3.56 2 2 23 1.216

se- dya adjundjung nuswa bang-

3 3 35 2 2 3 56 5.653

mrih ka- SU- sra man- tja pra- dja. (Pm).

Lelagon dolanan iku tjatjahing wandané ing sidji-sidjining gatrané ndjupuk tjotjogé karo laguné. Marga kawengku ing lagu, lelagon dolanan ora bisa nganggo wewaton guru-wilangan tartamtu, mung awewaton purwakanti guru-swara baé.

Lelagon dolanan iku tjatjahé akèh banget. Djenengé sidji-sidjiné, sing akèh-akèh manut isiné utawa manut tembungé wiwitan. Tuladané:

I. Tembungé wiwitan muni „witing klapa”, lelagoné diarani Witing-klapa.

II. Isiné njritakaké „pangamuké Bagong”, lelagoné diarani Bagong ngamuk.

III. Isiné njritakaké „pagawéané supir-bétjak”, lelagoné diarani Supir-bétjak.