Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/120

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

123

  1. Djimat. Daja-kekuwatan gaib iku kena diisèkaké ing barang; tjarané ngisèkaké mesṭi baé ija sarana djapa, mantra, donga lan sapanunggalané. Barang sing isi daja-kekuwatan gaib, arané djimat.
  2. Djapa, mantra, donga lan sapanunggalané iku bisané mandi (ampuh): kudu disarati laku. Dudu lakuning suku, nanging lakuning kalbu. Wong bisa oleh (ndarbèni) djapa, mantra, donga lan sapanunggalané kanṭi gampang, ora angèl. Sing angèl (abot) iku l a k u n é.
  3. Wong-wong ing djaman bijèn ratjaké paḍa kerep ngemèlaké (matek) rapalé djapa, mantra, donga lan sapanunggalané. Arep mangan, arep turu, arep lelungan, nedya nambani wong lara, lumrahé nganggo ndedonga ḍisik, ngemèlaké (matek) djapa-mantra.
  4. Tulaḍa-tulaḍa djapa, mantra, donga lsp., kajata :
I. Mantrané dalang.

Hong ilahèng awighnam astu namas siḍam.

Maksudé kurang-luwih: Ḍuh, Gusti! (Aku) manembah (nenuwun), muga-muga kalisa saka reribed lan sangker-walering Déwa.

Hong = panguwuh marang déwa (upamané: Ḍuh Gusti).

Ila = larangan, sangker-waler. (Djawa:ila-ila = larangan. Indonesia: pantangan).

Hèng = Hjang, déwa. Ilahèng = larangané déwa.

Awighnam = ora ribed, ora nemu reribed, kalis ing rerubed. (A = ora. Wighna = alangan, rubéda).

Astu = muga-muga. Namas = panembah. Siḍam = kang maha kuwasa, kang maha sutji (djedjuluké Gusti)

II. Donga-balik (Radjah Kalatjakra).

Kanggo mbalèkaké panggawé ala.

  1. Ja maradja, djaramaja.
  2. Ja marani niramaja.
  3. Ja silapa palasija.
  4. Ja midoro rodomija.
  5. Jamidosa sadomija.
  6. Ja dajuda dajudaja.
  7. Ja sijatja tjajasija.
  8. Ja sihama mahasija.

Manut dedongéngan, Radjah Kalatjakra iku tinulis ing baṭuké Baṭara Kala déning Baṭara Guru