Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/121

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

124

III. Dandanggula.

Kanggo ngedohaké lelembut, nulak lelara lsp.

  1. Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh-aju luputa ing lara, luputa bilai kabèh, djim sétan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawé ala, gunané wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan wani perak ing kami, kemat-duduk pan sirna.
  2. Sakèh lara apan samja bali, sakèh ama pan samja miruda, welas-asih panduluné, sakèhing bradja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakèhing wisa tawa, sato galak tutut, kaju aèng lemah sangar, songing landak guwaning wong lemah miring, mjang pakiponing merak.
  3. Pagupakaning warak sakalir, pan winatja ing sagara asat, temahan rahaju kabèh, dadya sarira aju, ingideran pra widadari, rineksa Malaékat, sakaṭahing Rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam utekku Bagénda Esis, pangutjap Nabi Musa.
  4. Napasku Nabi Ngisa linuwih, Nabi Jakub pamijarsaning-wang, Jusup ing rupaku mangké, Nabi Dawud swaraku, Djeng Suléman kasekten mami, Nabi Ibrahim njawa, Idris ing rambutku, Bagénda Li kulitingwang, getih-ḍaging Abubakar-Umar nenggih, balung Bagénda Usman.
  5. Sungsumingsun Patimah linuwih, Siti Aminah bajuning angga, Ajup ing ususku mangké, Nabi Nuh ing djedjantung, Nabi Junus ing otot mami, nétraku ja Muhammad, pamuluku Rasul, pinajungan Adam-sarak, sampun pepak sakaṭahing para Nabi, dadi sarira tunggal.
IV. Kinanti.

Kanggo ngléla-léla djabang-baji.

  1. Jèn anangis laré iku, léla-lélanen lan ḍikir, supaja doh kang lelara, sarap-sawané tan wani, saking rachmating Hjang Suksma, lan supangaté Djeng Nabi.
  2. Winatjaa kidung iku, sétané lumaju nggendring, sarap sawané sumimpang, kala-kalané sumingkir, tjatjing-ratjak paḍa menḍak, kruma-kremi paḍa mati.
  3. Pitik-tulak pitik tukung, tetulaké djabang-baji, ngedohaken tjatjing-ratjak, sarap-sawané sumingkir, si tukung mangungkung ngarsa, si tulak bali ing margi.
  4. Si djabang-baji puniku, kekasihira Hjang Wiḍi, rineksa ing Malaékat, dén emong pra Widadari, pinajungan ing Hjang Suksma, kinebutan para Nabi.