Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dina sing ditunggu-tunggu, Minggu tanggal 1 Februari wis teka, Ratri budhal menyang Bandara Adi Sumarmo methuk Bekti. Ratri nyawang saka adoh pawongan bagus gagah sing dikangeni mlaku nggawa koper gedhe werna biru, katon mandheg, sawetara omongan karo wong wedok londo ayu, salaman kenceng, njur misah mlaku dhewe-dhewe.

Dalan metu penumpang ana bandhara wis dibukak petugas, Bekti langsung ngekep Ratri kenceng ngetogakerasa kangen.

“Mas Bekti, sapa mau londo ayu, sing mbok jak salaman?” pitakone Ratri ndhedhes.

“Kae mau Elizabet Wood, mahasiswa kedhokteran saka Amerika, sakdurunge nyang Bali wis keliling negara-negara liya, pungkasan saka negara Cina terus nyang Bali. Neng Rumah Sakit Bali, aku sing dadi informane dheweke, babagan apa wae sing ana hubungane karo penyakit napas,” jawabane Bekti.

“Aku njur kelingan neng, Cina lagi usum virus corona lan during ketemu obat penaware. Ya, to, Mas?” ujare Ratri

“Ho oh. Kowe kuwi apoteker mesthi, ya, mudheng babagan obat, Aku malah ora pati ngetutke perkembangan virus corona, ya, ngerti tapi ora pati tak gagas. Pikiranku kudu mulih nemoni sliramu, Cah Ayu, nerusake rencanane awake dhewe, learep nikah,” ujare Bekti karo mithet irunge Ratri, nggandheng tangane metu saka bandhara,

Ratri ora njawab apa-apa, gur mesam-mesem ngrasakake ati bungah banget ketemu maneh karo wong bagus sing wis gawe ketaman asmara.

Bekti karo Ratri wis sepakat nggelar pemikahan sakrampunge Bekti tugas ana Bali, Ubarampe kanggo nganakake acara pemikahan wis wiwit dicicil kareben bisa lancar acarane yentekan dinane.

Srengenge esuk celuluk alon-alon saka wetan nyingkirake pedhut nyisakake tetesing embun. Manuk lovebird sak jodho ijik betah neng ngomah cilik njero kandhang melu ngrasakake

84 Antologi Cekak