Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/94

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Nembung apa, Mas Bekti?” Ratri kaya ora percaya karo sing dikandhakake Bekti.

“Nembung yen aku duwe niyat nglamar sliramu dadi bojoku, ndhampingi uripku saklawase,” ujare Bekti karo nyawang matane Ratri.

“Iya, Mas. Aku percaya, yen, pancen awake dhewe jodho, mesthi ora bakal kapisah, kok,” ujareRatri.

Seminggu sakwise wisudhan Bekti karo kulawarganenyang omahe Ratri, sowan marang bapak ibune Ratri niyat nembung amarga sesuke wis kudu budhal menyang Bali nutugae tugas dinas kuwi mau. Bapak ibune Ratri nampa lan mangestoni lamaran saka kulawargane Bekti. Rong tahun maneh tanggal 15 Maret 2020 wis ditetepke kulawarga dadi dina resepsi Bekti lan Ratri. Sakdurunge mungkur saka omahe Ratri, Bekti ngajak metu neng taman wetan omah.

“Ratri, kayaneiki patemonan awake dhewesing pungkasan. Sesuk aku wis kudu mangkat kanggo neruske tugas ngabdi dadi dhokter nglayani masyarakat ana ing Bali,” pamite Bekti karo myerahke surat tugas ikatan dinas.

“Bekti Bayu Sasongko,” Ratri maca tulisan jenenge lengkap Bekti karo nyawang pawongan bagus sing ana ing ngarepe.

“Aku ngerti, Mas Bekti, kedadeyan sing tak kuwatirke kaya mengkene iki bakal kadadeyan. Nanging, merga tresnaku tulus, aku iklas kowe mangkat menyang Bali. Aku bakal terus ngenteni balimu, tak jurung lungamu awit kanggo nusa lan bangsa,” wangsulane Ratri karo netesake eluh ngungkurke gegere Bekti.

“Maturnuwun, kowe ngerteni yen tugas dinas ora bias ditolak. Mripatmu aja mbrebes terus mundhak lakuku tansah abot, Aku njaluk dongamu supaya lancer nindakake tugas iki,” wangsulane Bekti karo ngekep sirahe Ratri nempel dhadhane Bekti.

“Ya, wis, aku pamit, ya,” pamite Bekti.

“Iya, aku bakal ngenteni tekamu lan terus ndedonga supaya kita bias sesandhingan bareng,” dongane Ratri.

Nalika Rembulan Bunder 83