Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

babar pisan lan mung katilep marang jaman, mung wujud 'teks' tanpa nyawa.

Fotographi duwe tembung angle, penulis duwe tembung point of view, padha maknane yaiku sudut pandang. Nah, ana ing kene, tumrap penulis cerkak, kudune ya nuhoni obahing ati, ora mung obahing pikiran sing ngoyak target. Dadine, menawa wis fokus nulis cerkak, ya gelem manjing ajur ajer marang tulisane, supaya atine bisa kanyut ana njero crita sing bakal ditulis. Ancase, hasil tulisane ora mung mbuwang uneg-uneg thok, nanging bisa menehi racikan bumbu komplit, lan banjur diolah nganggo ati kang nyawiji siji.

Iku bisa diwaca ana 31 judhul cerkak, ditulis 31 asma ing Antologi Cerkak: Nalika Rembulan Bunder iki. Anggone ngolah divergen lan impresi para penulis bisa katon ana hasil tulisane. Ana sing ngegla tanpa lelandhesan kang jero, uga ana sing pancen anggone nggarap kanthi lelambaran ati. Kreativitas nyuntak pengalaman pribadhi, apa pengalaman darbeke liyan, ana hasil karyane iku pancen ora gampang, kudu digegulang. Tetep gelem sinau, diasah lan tumandang.

Nanging, antologi cerkak iki, paling ora wis bisa nggawa sastra Jawa tetep ditulis, apamaneh akeh penulis mudha, sing bisa gawe dawane napas landhung sastra Jawa. Mula, poma dipoma, dadi penulis iku aja nganti gampang mutungan menawa dikritik, lan aja gampang sundhul ngawiyat menawa dialembana. Antarane kritik lan pangalembana iku, pancen dadi rabuk tumrap penulis. Supaya hasil tulisane tansaya menep lan mentes. Pungkasane, hasil tulisane iku bisa monumental, ora mung gampang katerak angin, terus musna.

Antologi Cerkak: Nalika Rembulan Bunder iki, mugiha bisa dadi tapak sastra Jawa ing jaman kalabendu. Menehi tandha, kreativitas iku minangka manifestasi kanggo tumandang gawe lan gelem cawe-cawe. Ora mung kakehan sambat, nanging kurang niat lan minat.

Sumangga!

vi | Antologi Cerkak