Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Cathetan Kurator:
KUDUNE ‘TEKS’ IKU ANA NYAWANE
Triman Laksana


Kreativitas iku salah sawijining kekuatan mental sing unik tumrap manungsa. Kreativitas bisa nyawiji marang kekarepan pikiran. Uwong sing kreatif sajroning mikir, bakal bisa nyawang seka ngendi papan dadi anyar (new point of view), lan bisa ngrampungake masalah sing beda karo uwong liyane.

Bab iki, kaya kang dikandharake Guilford ( Munandar, 1999), kreativitas iku minangka kekarepan pikiran divergen kanggo milah lan milih jawaban sakabehing masalah. Pikiran divergen minangka daya linuwih pikiran sing sumebar. Ananing pikiran divergen, uwong iku ora mung bisa nyawang stimulus sing mung apa anane wae, ananging bisa nyawang stimulus kanthi maneka warna panyawange.

Upama basa iku minangka manifestasi kamera, mula cerita cekak (cerkak) digunakake kanggo nyekel impresi (efek seka panca indra) sapandurat sing gawe geter lan dadi lelandhesan maknane kahanan lan kedadeyan Kamera bisa njupuk kahanan lan kedadeyan apa wae, embuh iku duwe nilai spiritual, sosial humanis, ngegla utawa mung apa anane wae. Iku gumantung uwong sing nyekel kamera. Mulane, Darwis Triyadi lan Risman Marah (pakar fotographi) nate ngendika, "Kamera iku mung barang mati, senajan canggihe kaya ngapa, menawa sing njepret sasaran ora nganggo ati, ya mung dadi gambar wantah."

Iki ora beda uga karo penulis. Menawa anggone ngrumat ide, imajinasi, banjur dieksekusi, mung angger wae tanpa wewaton kang gumathok, hasil tulisane ya mung wantah wae. Tanpa nggawa rasa nges lan geter marang sing maca, ora merbawani

Nalika Rembulan Bunder | v